Tegese Tembung-Tembung.
AGUNG.
1. Agung banyune.
Banyune akeh tur kebak.
2. Agung gegayuhane.
Dhuwur/gedhe panjangkane.
3. Diugung.
Diuja.
4. Ngegungake.
Merlikake, ngendelake.
5. Pangeran Kang Agung.
Gusti Allah.
6. Priyagung.
Priyayi gedhe.
7. Sagunging kelepatan.
Sakabehing kaluputan.
8. Tawon agung.
Arane tawon.
ANGGUNG.
1. Gumrunggung.
Nggereng, gemrenggeng.
2. Kutut manggung.
Arane gendhing.
3. Manggung dadi lakon.
Tansah dadi lakon.
4. Pancal panggung.
Arane jaran (sikil papat sak ndhuwure tracak wulune putih.
5. Panggung.
Papan tontonan, jejeran wayang.
6. Sila panggung.
Sila sing dhengkule diangkat dhuwur (lumrahe silane wong wadon).
7. Sila Tumpang.
Sila sing sikil siji tumumpang sikil liyane (silane dhalang).
8. Wayange dipanggung.
Wayange dijejer ing kelir.
BABAT.
1. Babat alas.
Ngethoki wit-witan ing alas.
2. Babat dalan.
Ngawiti penggaweyan.
3. Babat Tanah Jawa.
Arane buku wacan sing nyritakake Tanah Jawa.
4. Iwak babat.
Perangane jerohan sapi.
BANYU.
1. Banyumas, Banyuwangi.
Jenenge kutha.
2. Banyu pahatan.
Banyu saringan.
3. Banyu panguripan.
Banyu sing njalari awet urip.
4. Banyu keras.
Banyu kanggo matri.
5. Banyu tawa.
Banyu wantah.
6. Banyu rasa.
Banyu kaya wesi (isine thermometer).
7. Banyu wulu.
Banyu kanggo wudlu.
8. Dak bebanyu.
Dak bebuwang.
9. Dibanyu.
Jagone diresiki nganggo banyu.
10. Lumbu banyu.
Lumbu sing empuk.
11. Mbanyu mili.
Ndlidir, ora ana pedhote.
12. Mbanyoni sawah.
Ngelebi sawah.
13. Pacar banyu.
Arane wit/tanduran.
14. Tunggal banyu.
Tunggal guru.
LABUH.
1. Dilabuhi.
Dibelani (direwangi).
2. Dilabuhi pati.
Ditohi pati.
3. Labuh negara.
Mbelani negara.
4. Mangsa labuh.
Mangsa nggarap sawah.
LARA.
1. Lara atine.
Serik, gething.
2. Nglara ati.
Gelem, ngrekasa.
3. Lara ayu.
Cacaren.
4. Lara branta.
Kesengsem, keyungyun.
5. Lara lapa.
Nglakoni susah.
6. Kelara-lara.
Tansah rekasa.
7. Lara owah.
Edan/gendheng.
8. Utang lara.
Ndadekake larane liyan.
OLAH.
1. Diolah.
Digarap, dimasak.
2. Olah kapandhitan.
Nggladhi carane dadi pandhita.
3. Olah kaprajuritan.
Nggladhi carane dadi prajurit.
4. Olah perang.
Nggladhi/latihan perang.
5. Olah praja.
Mrenata praja (negara).
6. Olah-olah.
Masak gawe panganan.
7. Olahraga.
Ngolah raga (awak) supaya sehat.
RAJA.
1. Raja.
Sing nguwasani negara (kraton).
2. Raja brana.
Donya bandha.
3. Raja darbe.
Keduwenan (omah, lemah, beka-kas, lsp).
4. Raja keputren.
Pakeyan nganten.
5. Raja kawista.
Arane gedhang.
6. Raja kaya.
Ingon-ingon (sapi, kebo, wedhus, lsp).
7. Raja lele.
Arane beras.
8. Raja pati.
Pepati.
9. Raja peni.
Perhiasan (gelang, kalung, lsp).
10. Raja naga.
Arane ula naga (pewayangan).
11. Sri Maha Raja.
Ratu gung binathara.
SABRANG.
1. Bangsa Sabrang.
Bangsa manca.
2. Brang wetan.
Sisih wetan.
3. Godhong sabrang.
Godhong lombok.
4. Nyabrang kali.
Liwat kali.
5. Pangeran Sabrang Lor.
Raden Patah.
6. Ratu Sabrang.
Ratune bangsa manca.
SARI.
1. Sari.
Pathi.
2. Sari (sandhangan).
Sandhangane wong wadon ing india.
3. Sarining pangan.
Pathine pangan.
4. Buah sari.
Kembar manyang (janur lan woh-wohan).
5. Awot sari.
Age-age nyungkem/nyembah.
6. Kasur sari.
Kasur sing apik tur wangi.
7. Naga sari.
Arane panganan.
8. Ngetolake sari.
Ngetokake ganda wangi.
9. Rebut sari.
Apik-apikan ngronce kembang.
TAUN.
1. Taunan.
Suwene pirang-pirang taun.
2. Taun wastu.
Taun sing umure 365 dina.
3. Taun wuntu.
Taun sing umure 366 dina.
4. Kayu taun.
Kayu sing gelis gedhe mung sawetara taun.
5. Naun.
Wis pirang-pirang taun.
6. Nyetauni.
Wis wayah setaun.
7. Taun Hijriyah.
Penanggalan Islam.
8. Taun Masehi.
Penanggalan umum.
9. Taun Jawa.
Penanggalan Jawa.
TIMBANG.
1. Timbangan.
Bekakas kanggo nimbang.
2. Timbang nganggur.
Alane nganggur.
3. Timbangana kabecik-ane liyan.
Walesen kabecikane liyan.
4. Timbangen sing temen.
Pikiren temenan.
5. Bobot timbang.
Gumantung.
6. Nimbangake.
Kepingin weroh bobote.
7. Ora timbang.
Ora cocok, ora manthuk.
8. Wis timbang.
Wis cocok, wis laras.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK
Tidak ada komentar:
Posting Komentar