Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa/Gamelan/Gendhing. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa/Gamelan/Gendhing. Tampilkan semua postingan

Senin, 27 Agustus 2018

Gamelan

1. Miturut wujude gamelan ana 2 :
1. Gamelan Gedhe.
2. Gamelan Barut.

2. Miturut swarane gamelan ana 2 :
1. Gamelan Pelog.
2. Gamelan Slendro.

3. Perangane gamelan ana warna-warna :
1. Bonang.
2. Demung.
3. Gambang.
4. Gender.
5. Gong.
6. Kempul.
7. Kendhang.
8. Kenong.
9. Kethuk.
10. Peking.
11. Rebab.
12. Saron.
13. Siter.
14. Suwuk.
15. Thimplung, lsp.

4. Gaweyane :
1. Dhalang :
Tukang nglakokake lakon wayang.

2. Waranggana/Pesindhen :
Tukang nembang gendhing-gendhing ing pagelaran wayang utawa ing tanggapan.

3. Niyaga :
Tukang nabuh gamelan.

5. Gerong :
Gerong yaiku nabuh gamelan sinambi nembang.

6. Nabuh gamelan kudu ngerti : Pathet lan Wilet.
1. Pathet :
Jero cetheke swara utawa endhek-dhuwure swara.
Lumrahe :
Yen wayah sore - pathet 6.
Yen wayah bengi - pathet 9.
Yen parak esuk - pathet manyura.

2. Wilet :
Yaiku sambunge swara.

7. Laras :
Laras yaiku runtute swara gamelan.
- Dilaras : Diruntutake swarane siji-sijine gamelan, diruntutake endhek-dhuwure lan gedhe cilike.

8. Bahan gamelan :
Bahan gamelan sing becik digawe saka Prunggu.

9. Arane gendhing-gendhing :
1. Gendhing Clunthang.
2. Gendhing Gilang.
3. Gendhing Gonjang-ganjing.
4. Gendhing Grompol.
5. Gendhing Pangkur.
6. Gendhing Puspawarna.
7. Gendhing Sinom Parijata.
8. Gendhing Srikaton.
9. Gendhing Srikarongron.
10. Gendhing Ulerkembang.




Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.