Tembang Jawa ana telung (3) warna :
1. Tembang Macapat, Tembang Tengahan, Tembang Gedhe :
A. Tembang Macapat ana 11 pupuh :
1. Asmaradana.
2. Dhandhang gula.
3. Durma.
4. Gambuh.
5. Kinanthi.
6. Maskumambang.
7. Megatruh.
8. Mijil.
9. Pangkur.
10. Pucung.
11. Sinom.
B. Tembang Tengahan :
1. Balabak.
2. Girisa.
3. Jurudemung.
4. Wirangrong.
C. Tembang Gedhe :
1. Citramengeng.
2. Kusumastuti.
3. Mintajiwa.
4. Pamularsih.
Ing tembang Jawa saben sak baris diarani sak gatra.
- Dhandhang gula, ana : 10 gatra (baris).
- Gambuh, ana : 5 gatra (baris).
- Kinanthi, ana : 6 gatra (baris).
- Megatruh, ana : 5 gatra (baris).
- Pangkur, ana : 7 gatra (baris).
- Sinom, ana : 9 gatra (baris).
Guru Wilangan lan Guru Lagu.
- Guru Wilangan, yaiku :
Akehing kecap (ucap) utawa suku tembung saben sa gatra (baris).
- Guru Lagu, yaiku :
Aksara urip (vokal) ing pungkasaning gatra (baris).
Tuladha :
1. Kinanthi.
Anoman malumpat sampun :
- guru wilangan : 8 wanda.
- guru lagu : u.
Prapteng witing nagasari :
- guru wilangan : 8 wanda.
- guru lagu : i.
Mulat mangandhap katingal :
- guru wilangan : 8 wanda.
- guru lagu : a.
Wanodya yu kuru aking :
- guru wilangan : 8 wanda.
- guru lagu : i.
Gelung rusak wor lan kisma :
- guru wilangan : 8 wanda.
- guru lagu : a.
Kang iga-iga kaeksi :
- guru wilangan : 8 wanda.
- guru lagu : i.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.