Jenenge Panggonan (Nama Tempat).
1. Alas : panggonane wit-witan/thethukulan lan kewan-kewan.
2. Alun-alun : plataran amba ing satengahing kutha.
3. Babadan : panggonan sing wis dibabadi.
4. Balapan : panggonan kanggo adu balap.
5. Bale mangu : panggonan kanggo ngadili wong luput.
6. Bango : panggonan kanggo dodolan.
7. Bangsal : panggonan kanggo pasamuwan.
8. Besalen : panggonan kanggo mandhe.
9. Beteng : tembok gedhe dhuwur kanggo nahan mungsuh.
10. Bong : kuburane cina.
11. Bothekan : wadhah jamu utawa bumbu kanggo masak.
12. Bubat : panggonan kanggo adu samubarang.
13. Cangkruk : panggonan kanggo jaga kampung.
14. Clunthang : wadhah jangkrik.
15. Endhong : wadhah panah.
16. Epok : wadhah kinangan.
17. Esong : growongan ing pinggire kali, panggonan landhak.
18. Gadhen : panggonan kanggo nggadhekake barang.
19. Gayor : kanggo nyanthelake gong.
20. Gedhogan : kandhang jaran.
21. Gedhong : omah gedhe kanggo pasamuwan.
22. Gerdhu : panggonan kanggo jaga.
23. Glodhogan : kanggo omah tawon.
24. Gowok : growongan ing wit (dienggo nyusuh manuk).
25. Greja : panggonan sembahyang wong kristen.
26. Grobog : kothak kayu sing gedhe kanggo nyimpen barang.
27. Gubug : panggonan kanggo njaga tanduran.
28. Gudhang : panggonan nyimpen barang.
29. Gupit mandragini : kanggo sarene raja/ratu.
30. Hotel : omah sewan kanggo panginepan.
31. Iyan : wadah kanggo ngeler sega.
32. Jodhang : grobog sing dipikul isine warna-warna panganan.
33. Jumbleng : kakus kanggo bebuwang kotoran.
34. Jun : wadhah banyu kanggo ngangsu.
35. Kabupaten : daleme bupati pamerintah daerah.
36. Kadhaton : daleme ratu.
37. Kandhang : omah kanggo ngingu kewan (kebo, sapi, wedhus, lsp).
38. Kanthong : sak ing klambi/celana kanggo ngesaki barang.
39. Kanthongan : kanggo ngadhahi barang-barang.
40. Kantor : panggonan kanggo nyambut gawe, panggonan kanggo ngurusi samubarang kaperluan.
41. Klentheng : panggonan kanggo sembahyang wong Cina.
42. Klenthing : wadhah kanggo golek banyu.
43. Kombong : kandhang bebek, pitik, lsp.
44. Krangkeng : kandhang kewan galak nganggo pager wesi.
45. Kranjang : wadhah sing digawe saka pring dienam.
46. Kraton : daleme ratu.
47. Kuburan : panggonan kanggo ngubur wong mati.
48. Kuncung : omah cilik ing ngarepe pendhapa.
49. Kurungan : kanggo ngingu manuk, pitik, lsp.
50. Langgar : omah cilik kanggo sembahyang wong Islam.
51. Lemari : kanggo nyimpen sandhangan/barang.
52. Leng : bolongan cilik omahe gangsir, semut, rayap, lsp.
53. Loji : omah apik tinggalane landa.
54. Lumbung : panggonan kanggo nyimpen pari.
55. Menara : panggonan sing dhuwur kanggo pepeling.
56. Mesjid : omah gedhe kanggo sembahyang umat Islam.
57. Pacrabakan : panggonan sang wiku, papan pamu-langan.
58. Padaringan : wadhah kanggo nyimpen beras.
59. Padasan : panggonan kanggo wudhu.
60. Padhepokan : papan pamulangan, patapan, omahe pandhita.
61. Paestren : sawah ing sapinggire kali.
63. Pagagan : lemah sing ditanduri pari gaga.
64. Pagajih : lemah sing dumadi saka walede kali.
65. Pagupon : omahe dara.
66. Paidon : wadhah idu.
67. Pakunjaran : panggonan kanggo ngunjara/ngukum wong luput.
68. Pamulangan : papan kanggo mulang wuruk/sekolahan.
69. Panepen : papan kanggo semedi, nepi, tapa, lsp.
70. Pantisari : omah cilik ing satengahing patamanan.
71. Papon : wadhah apu/enjet.
72. Pasanggrahan : papan panginepan ing sajabaning kutha.
73. Pasar : papan kanggo dodolan utawa tetuku barang.
74. Pasetran : papan kanggo mbuwang bangke.
75. Patamanan : lemah sing ditanduri kekembangan.
76. Patapan : omahe pandhita, papan kanggo wong tapa.
77. Pawon : perangan omah sing kanggo olah-olah.
78. Payudan : panggonan jembar kanggo adu perang.
79. Pekarangan : papan sakiwa tengene utawa mburine omah.
80. Pelabuhan : papan kanggo mandhege (labuh) prau/kapal.
81. Pelataran : lemah sangarepe omah.
82. Pendhapa : perangan omah ngarep kanggo pasamuwan.
83. Pesantren : papan kanggo mulang wuruk para santri.
84. Pesisir : pinggire segara.
85. Petarangan : panggonan kanggo ngendhoge pitik.
86. Pinihan : lemah kanggo ndhedher winih tanduran.
87. Plangkan : papan kanggo ndeleh tumbak, payung.
88. Plegungan : papan kanggo lerene sapi sing eyup.
89. Ploncon : papan kanggo tumbak, teken, lsp.
90. Pluwang : luwang kanggo masangi kewan alas.
91. Pomahan : pekarangan sing didegi omah.
92. Pondhok : omah kanggo mondhok, ngaji para santri.
93. Pragen : wadhah uyah utawa bumbu.
94. Pranji : kandhang pitik.
95. Ranggon : gubug ing alas kanggo leren utawa njaga kewan.
96. Rong : leng gedhe omah tikus, yuyu, ula, iwak, lsp.
97. Rumah sakit : papan kanggo ngrumat wong lara.
98. Sanatorium : papan kanggo nambani wong lara TBC.
99. Sanggar : papan kanggo latihan, papan kanggo semedi.
100. Sawah : lemah kanggo nandur pari, kedele, tebu, lsp.
101. Segaran : tetiron segara kanggo ngingu iwak.
102. Sekolahan : papan kanggo sinau, mulang wuruk.
103. Selon : wadhah bumbu utawa trasi.
104. Senthong : perangan sajroning omah kanggo turu, utawa ndeleh barang.
105. Setasiun : papan kanggo mandhege sepur.
106. Setren : sawah ing sapinggire kali.
107. Slepen : wadhah rokok klobot utawa mbako.
108. Sudhung : grumbul omahe celeng.
109. Susuh : omah manuk, tikus, bajing, lsp.
110. Tala : omah tawon.
111. Talun : panggonan ing pagunungan.
112. Tambak : papan kanggo ngingu iwak.
113. Tangki : wadhah lenga, gas, lsp.
114. Tangsi : papan panggonane tentara.
115. Tegalan : lemah sing ditanduri palawija, lsp.
116. Tobong : panggonan kanggo ngobong gamping.
117. Tulang : kothak cilik kanggo adu jangkrik.
118. Warung : papan kanggo dodolan panganan.
119. Wihara : panggonan sembahyang umat Buddha.
120. Wrangka : kayu wadhah keris utawa tumbak.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.