Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa/Patrape Nggawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa/Patrape Nggawa. Tampilkan semua postingan

Kamis, 23 Agustus 2018

Patrape Nggawa

Patrape Nggawa.



1. Mandhi : nggawa (bedhil gada) dipanggul.

2. Manggul : nggawa ditumpangake ing pundhak (cengel).

3. Mbopong : nggawa sarana ditumpangake ing tangan loro.

4. Mikul : nggawa nganggo pikulan (ditumpangake ing pundhak).

5. Munji : manggul bocah (tangane bocahe cekelan sirahe sing manggul).

6. Ngempit : nggawa dijapit ing cangkalan (kelek).

7. Ngemban : nggawa ing bangkekan nganggo slendhang.

8. Ngindhit : nggawa ing bangkekan (nggawa klenthing, kranjang).

9. Nggembol : nggawa apa-apa dilebokake ing jarit.

10. Nggendhong : nggawa ditumpangake ing geger (nganggo slendhang utawa ora).

11. Nggotong : nggawa kajunjung wong akeh.

12. Nyangga : nggawa ditumpangake ing tangan.

13. Nyangking : nggawa digantung ing tangan.

14. Nyangklek : nggawa (bocah, lsp). Dilinggihake ing bangkekan banjur dirangkul.

15. Nyengkiwing : nggawa sing panyekele ing pucuking bae.

16. Nyunggi : nggawa ditumpangake ing sirah.



Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.