Purwakanthi.
Iku gandhenge swara ing buri karo swara sing wis kasebut ing ngarepe.
~ GURU SWARA.
1. Ana awan, ana pangan.
2. Ana bungah, ana susah iku wis lumrah.
3. Adigang, adigung, adiguna.
4. Becik ketitik, ala ketara.
5. Ciri wanci, lelai ginawa mati.
6. Desa mawa cara, negara mawa tata.
7. Giri lungsi, jalma tan kena ingina.
8. Gelem obah, mesthi mamah.
9. Inggih-inggih, ora kepanggih.
10. Ngalah, nanging oleh.
11. Ora ngedan, ora geduman.
12. Sing salah, kudu seleh.
13. Sing weweh, bakal pikoleh.
14. Sing gelem ngalah, bakal luhur wekasane.
15. Thenguk-thenguk, nemu kethuk.
16. Tuwas sayah, ora paedah.
17. Witing tresna , jalaran saka kulina.
18. Yen menang, aja njur sewenang-wenang.
19. Yen krasa enak, aja njur lali anak, lali bojo, lali tangga, lali kanca.
~ GURU SASTRA.
1. Aja dhemen memada, dhateng sapadhaning dumadi.
2. Tata titi tutug tatag, tanggung tertib.
3. Tata tertib tartamtu tentrem.
4. Taberi nastiti lan ngati-ati, mesthi bakal dadi.
5. Wong jejodhohan kudu ngelingi : babat, bibit, bobot, bebet.
6. Ruruh, rereh, ririh ing wewarihipun, mrih reseping para muyarsi.
7. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karya, tut wuri handayani.
8. Tarti tata-tata, ate metu turut ratan, diutus tuku tahu tempe, dhuwite kertas telung atus.
9. Tindak tanduk lan tutur kang kalantur, tamtu katula-tula katali, bakal kacatur, katutuh, kapatuh pan dadi awon.
10. Sluman slumun slamet, salamun nyemplung kali plung, slulup slelep-slelep oleh slepi isi klobot, njumbul bul klambine teles bless.
11. Kala kula kelas kalih, kula kilak kalo kalih kuli-kuli kula, kalo kula keli, kali kilen kula, kalo kula kampul-kampul, kula kelap-kelip kala-kala kelang-keling.
12. Bobot, bibit, bebet.
13. Katula-tula ketali.
14. Makuta, makuti, makuten.
15. Ruruh, rereh, ririh ing wewarah.
16. Sing weweh bakal wuwuh.
17. Tatag, teteg bakal tutug.
18. Tatune methunthung mentheng-mentheng.
19. Laras, lurus, leres, laris.
~ LUMAKSITA.
1. Asung bekti, bektine kawula marang Gusti.
2. Bayem arda, ardane ngrasuk busana.
3. Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik.
4. Mangan ati, atine sing kelara-lara.
5. Nandhang lara, larane wong lara lapa.
6. Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa.
7. Raja putra, putran daleme Ngastina.
8. Rujak degan, degane krambil ijo.
9. Remuk rempu, rempu dadi awu.
10. Saking tresna, tresnane mung samudana.
11. Rujak dhondhong, rujake sisaning kalong.
12. Witing tresna, tresnane mung sawetara.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.