Wangsalan.
Iku rumpakan sing saemper cangkriman, nanging tebusane utawa ancase wis dikandhakake pisan.
1. Jenang gula, kowe aja lali. (jenang gula : glali).
2. Ngembang garut, nggremeng ora karuan. (kembang garut : grameng).
3. Mbalung janur, gelema paring usada. (balung janur : sada).
4. Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan. (kembang kacang : besengut - dadi mbesengut).
5. Sekar aren mas, sampun dangu kok mboten kepanggih. (sekar aren : dangu).
6. Kembang jambu, kemaruk duwe dolanan anyar. (kembang jambu : karuk - dadi kemaruk).
7. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (roning mlinjo : so - dadi ngaso).
8. Klapa mudha, yen kalegan paringa apura. (klapa mudha : degan - dadi kalegan).
9. Kembang gembili, seneng-seneng oleh rejeki. (kembang gembili : seneng).
10. Witing klapa jawata ing ngarcapada.
Salungune wong mudha gelem rekasa. (witing klapa : glugu - dadi salugune).
(jawata ing ngarcapada : wong).
11. Kolik priya, priyagung anjani putra.
Tuhu eman, wong anom wedi kangelan. (kolok priya : manuk tuhu).
(anjani putra : anoman - dadi anom).
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.