Patrape Lungguh.
1. Ndheprok : linggih lemah saenggon-enggon.
2. Ndhodhok : linggih nanging bokonge ora kambah lemah.
3. Jegang : linggih dhengkule siji utawa loro pisan ngadeg.
4. Ngangir : mengkurep sirahe njengengek (njunjung).
5. Ngapurancang : linggih tangane ditangkebake.
6. Njengking : mengkurep bokonge dijongatake.
7. Ongkang-ongkang : linggih ing pinggiran sikile gumantung.
8. Sila : linggih sikile ditekuk ing ngarep.
9. Sila panggung : sila dhengkule diunggahake (kaya silane para nyai).
10. Sila tumpang : sila sikile sing siji ditumpangake ing pupu liyane (kaya silane dhalang).
11. Slonjor : linggih sikile kenceng maju siji utawa loro pisan.
12. Sluku : linggih sikile slonjor, tangane tumumpang pupu.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.