Prenahe Sadulur.
1. Sadulur :
Sadulur tunggal bapak ibu.
2. Misanan :
Sadulur tunggal embah, nak dulur.
3. Mindhoan :
Sadulur tunggal buyut.
4. Keponakan :
Anake sadulur tuwa utawa sadulur enom.
5. Putu :
Anake anak.
6. Putu keponakan :
Anake keponakan.
7. Paklik (paman) :
Adhine bapak utawa ibu (lanang).
8. Bulik (bibi) :
Adhine bapak utawa ibu (wadon).
9. Pakdhe/pakpuh/uwa :
Kangmase bapak utawa ibu.
10. Budhe/bupuh/uwa :
Mbakyune bapak utawa ibu.
11. Besan :
Wong tuwane mantu.
12. Maratuwa :
Wong tuwane bojo.
13. Anak mantu :
Bojone anak.
14. Putu mantu :
Bojone putu.
15. Ipe :
Sadulure bojo.
16. Pripean :
Ipene sadulur.
17. Bapak kuwalon :
Bapak sambungan (dudu bapake dhewe).
18. Ibu kuwalon :
Ibu sambungan (dudu ibune dhewe).
19. Anak kuwalon :
Anak gawane bojo.
20. Sadulur kuwalon :
Sadulur seje bapak tunggal ibu, utawa sadulur seje ibu tunggal bapak.
21. Sadulur asu :
Sadulur tunggal ibu seje bapak.
22. Bapak/ibu angkat :
Wong liya (lanang/wadon) sing ngakoni anak.
23. Anak angkat :
Bocah liya sing diakoni anak.
24. Tunggal banyu :
Sadulur tunggal guru.
25. Tunggal welat :
Sadulur tunggal bapak ibu.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.