Pepindhan.
Pepindhan iku unen-unen sing ngemu surasa irib-iriban/memper.
A.
1. Abang-abang padha abang - kaya alas kobong.
2. Abange - kaya godhong katirah.
3. Agunge - kaya samodra rob.
4. Akehe pepati - kaya babadan pacing.
5. Akehe pepati - kaya sulung lumebu geni.
6. Akehe lelara - kaya kena pagebluk.
7. Ali-aline - nggunung sapikul.
8. Aluse - kaya sutra.
9. Antenge - kaya temanten ditemokake.
B.
1. Baguse - kaya Bathara Kamajaya.
2. Bangone - awangun gedhang salirang.
3. Bantere - kaya angin.
4. Bebedane - ngadhal melet.
5. Bedane - kaya bumi karo langit.
6. Begjane - kaya nemu emas sakebon.
7. Bagjane - kaya nemu cempaka sawakul.
8. Bungahe - kaya ketiban ndaru.
C.
1. Cahyane bingar - kaya lintang johar.
2. Cahyane nglentrih - kaya rembulan karainan.
3. Cep klakep - kaya orong-orong kepidak.
4. Cethile - kaya cina craki.
5. Cumlorot - kaya lintang alihan.
6. Cumlorot - kaya ndaru.
D.
1. Dalane - nggeger sapi.
2. Dalane - mbathok mengkureb.
3. Dawane barisan - kaya sela brakithi.
4. Dedege - ngringin sungsang.
5. Dhuwure - kaya othak-othak mega.
6. (n) Domblong - kaya sapi ompong.
G.
1. Gagah prakoso - kaya Raden Werkudara.
2. Galake - kaya macan manak.
3. Galake - kaya buta.
4. Gampang - kaya empol pinecok.
5. Gelungane - ngadhal menek.
6. Gelungane - minangkara.
7. Gelise - kaya banyu sinaring.
8. Gendhewane - awangun kadhal meteng.
9. Gereng-gereng - kaya singa antuk bayangan.
I.
1. Ijo kumpul padha ijo - kaya bethet sayuta.
2. Ireng kumpul padha ireng - kaya gagak reraton.
J.
1. Janggute - pindha tawon gumantung.
2. Jogede - kaya merak kasimpir.
3. Jogede - mucang kanginan.
K.
1. Kagete - kaya tinubruk ing wong lepat.
2. Kaku - kaya kena nggo pikulan.
3. Kekejere - kaya manuk branjangan.
4. Kenese - kaya Dewi Srikandi.
5. Kesite - kaya kadhalkada.
6. Kepingine - kaya nyidham cempaluk.
7. Klular-klulur - kaya tuma katok.
8. Kopat-kapit - kaya buntut ula tapak angin.
9. Kuninge - kaya emas sinangling.
10. Kuning kumpul padha kuning - kaya podhang reraton.
L.
1. Lakune nusup-nusup - pindha ayam alas.
2. Landhepe - pitung pinyukur.
3. Lelewane - milangoni.
4. Lir sato mungging - rimbangan.
5. Luruhe - pindha Dewi Sembadra.
M.
1. Mendhak-mendhak - kaya sato memeti.
2. Mider-mider - kaya undar.
3. Miling-miling - kaya jangkung.
4. Mlakune mundur - kaya mungkur gangsir.
5. Mlakune - ngodhok.
N.
1. Nangise ndrenginging - kaya rase.
2. Nangise - ngorong-ngorong.
3. Nuturi wong pinter - prasasat ngajari bebek nglangi.
4. Nyengite - kaya dhemit.
O.
1. Olehe kabegjan - kaya nemu emas saloka.
2. Omahe - awangun glathik mungup.
3. Omahe - awangun gedhang salirang.
4. Omahe - awangun klabang nyander.
P.
1. Padhange - kaya rina.
2. Padha pleg - pindha jambe sinigar.
3. Panase - kaya mecah-mecahna sirah.
4. Penggalihe padha - pindha suruh lumah lan kurepe, yen dinulu seje rupane, yen ginigit padha rasane.
5. Parine - gumadhung.
6. Parine - ngemping.
7. Parine - nedheng gumadhung.
8. Petenge - ndumuk irung.
9. Pintere - kaya bisa njara langit.
10. Pintere - kaya bisa nyancang angin.
11. Pipane rokok - menyu.
12. Pipine - kaya tomat mateng.
13. Polahe - kaya gabah den interi.
14. Polahe - kaya kuthuk kelangan babon.
15. Polahe - ngaru napung.
16. Polatane mbranyak - kaya Raden Kakrasana/Samba.
17. Putih kumpul padha putih - kaya kuntul neba.
18. Putih memplak - kaya kapuk diwusoni.
R.
1. Rakete - kaya sadulur sinara wedi.
2. Ramene - lir prahara nempuh wukir.
3. Ramene surak - mbata rubuh.
4. Rikate - kaya angin.
5. Rukune - kaya mimi lan mintuna.
6. Ruruhe (wong lanang) - kaya Raden Janaka.
7. Ruruhe (wong wadon) - kaya Dewi Sembrada.
8. Rupane kembar - pindha jambe sinigar.
S.
1. Salake - medhi (masir).
2. Sambate - kaya nggrantang.
3. Sambate - ngaru ara.
4. Senenge - kaya bubuk oleh leng.
5. Sentosa banget - kaya janget kinatelon.
6. Sowane mendhak-mendhak - kaya sata manggih krama.
7. Suguhane - mbanyu mili.
8. Sumbare - kaya bisa mutung wesi gligen.
9. Sumbere - kaya wani ndilat wesi abang.
10. Suweke - nyangkem kodhok.
11. Swarane - kaya gelap ing mangsa kapat.
12. Swarane - kaya mbelah-mbelahna bumi.
T.
1. Tandange cukat - kadya kilat, kesit kadya thathit.
2. Tandange - kaya bantheng ketaton.
3. Tandange - kaya jangkrik mambu kili.
4. Tandange - kaya sikatan nyamber walang.
5. Tapa - ngalong, ngidang, nyantuka.
6. Tekade - kaya geni lan urupe.
7. Tekade - kaya madu lan manise.
8. Telunge kalis (kekancane) - kaya banyu karo lenga.
9. Thingak-thinguk - kaya kethek ditulup.
10. Tindake - nusup ngayam alas.
11. Tulisane - awangun ketumbar (aksara Jawa).
12. Tulisane - mbata sarimbang (aksara Jawa).
13. Tulisane - ngeri (aksara Jawa).
U.
1. Ulese - ngembang asem (kucing).
2. Ulese - ngembang duren (jaran).
3. Untabe - kaya samodra rob.
4. Utange - nyundhul empyak.
5. Utange - turut usuk.
W.
1. Wangsulane - saur manuk.
2. Wangune - kaya dara gepak.
3. Wiragane - nenangi brata.
4. Wrangkane - gayaman.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK