Petung Panca Suda.
Petung Panca Suda kanggo meruhi ala lan becike jejodhohane wong lanang lan wong wadon. Petung iki dijupukake saka neptune Dina 7 (pitu) lan Pasaran 5 (lima).
Neptune Dina :
1. Senen : neptune 4.
2. Selasa : neptune 3.
3. Rebu : neptune 7.
4. Kemis : neptune 8.
5. Jum'at : neptune 6.
6. Sabtu : neptune 9.
7. Minggu : neptune 5.
Neptune Pasaran :
1. Pahing : neptune 9.
2. Pon : neptune 7.
3. Wage : neptune 4.
4. Kliwon : neptune 8.
5. Legi : neptune 5.
Dene carane ngetung mangkene :
Neptune dina lan pasaran laire sing lanang dijumlah karo neptune dina lan pasaran laire sing wadon. Sakwise dijumlah terus kasuda nganggo 10 sisane utawa turahe ora kena luwih saka 7. Yen turahe luwih saka 7 jumlah neptu mau kudu kasuda nganggo 7.
Tuladhane :
- Raharjo laire Kemis Pahing, neptune (8+9).
- Lestari laire Jum'at Kliwon, neptune (6+8).
- Jumlah neptune = (8+9) + (6+8) = 17+14 = 31.
- Yen kasuda 10 (sepuluh) : 31 - (10x3) --------> sisane = 1.
- Petung iki tiba 1 yaiku tiba : Wasesa Segara.
Tuladha liya :
- Subagyo laire Rebo Pon, neptune (7+7).
- Sri Rejeki laire Sabtu Legi, neptune (9+5).
- Jumlah neptune = (7+7) + (9+5) = 14+14 = 28.
- Yen kasuda 10 (sepuluh) = 28 - (10x2) --------> sisane = 8.
- Kudune sisane ora kena luwih saka 7 mulane jumlah neptu mau kudu kasuda nganggo 7, = 28 - (7x3) ---------> sisane = 7.
- Petung iki tiba 7 yaiku tiba : Lebu Katiup Angin.
Ketemune Petungan Panca Suda kaya ing ngisor iki. Yen sisa :
Sisa 1 ~ Tiba : Wasesa Segara - Watake : Jembar budine, sugih pangapura, amot ujar ala lan becik, gedhe wibawane.
Sisa 2 ~ Tiba : Tunggak Semi - Watake : Rejekine tansah kecukupan, senadyan dipapras meksa isih bisa thukul.
Sisa 3 ~ Tiba : Satriya Wibawa - Watake : Oleh kabegjan, kamulyan lan kaluhuran.
Sisa 4 ~ Tiba : Sumur Sinaba - Watake : Kedunungan kapinteran, kawicaksanan, panggonan kanggo pitakonan lan pitulungan.
Sisa 5 ~ Tiba : Satriya Wirang - Watake : nandang susah lan rekasa, kewi-rangan. Syarat kanggo srono tulake : ngetokake getih, upamane mbeleh ayam utawa wedhus.
Sisa 6 ~ Tiba : Bumi Kapetak - Watake : Peteng ing ati, nanging taberi ing panggaweyan, kuwat nyandhang lara lapa, nanging resikan. Syarat kanggo srono tulake : mendhem lemah.
Sisa 7 ~ Tiba : Lebu Katiup Angin - Watake : nandhang papa cintraka, tansah kapesan, rekasa golek sandhang pangan, sabarang karepe angel kaleksanan, asring pindhah omah. Syarat kanggo srono tulake : ngabul-abul bledug, utawa awu.
Petung Panca Suda ing nduwur mau iku tinggalane para leluhur, kang tekan nganti saiki isih kerep digunakake. Kabeh mau ya mung srono kanggo mujudake kulawarga kang ayem tentrem, mulya lan wibawa. Kang wigati, dene rejeki, jodho lan patine manungso mono wis ginaris saka kersane Gusti Kang Maha Kuwasa. Nanging manungsa ya wajib kudu mbudidaya, ndonga lan ikhtiyar kanggo mujudake kekarepane, sabanjure pepesthene dipasrahake marang Gusti Kang Akaryo Gesang.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.