Tembung dumadi saka wanda. Wanda dumadi saka aksara. Tembung kena dienggo ndhapuk ukara.
Gatekna!
AKSARA (huruf) -> WANDA (suku kata) -> TEMBUNG (kata)-> UKARA (kalimat)
Miturut golongane, Tembung ana 10 warna :
1. Tembung Aran. (Kata Benda)
Contone :
Meja, montor (mobil), buku, sepatu, ember, radio, kursi, bangku, sepedha, klambi (baju), kayu, lsp.
2. Tembung Kriya (Kata Kerja)
Contone :
Maca (membaca), turu (tidur), adus (mandi), mangan (makan), nulis, mlayu (lari), mlaku (berjalan), tuku (membeli), nyapu, nembang (menyanyi), lsp.
3. Tembung Ganti (Kata Ganti)
Contone :
Aku, kowe (kamu), bapak, ibu, dheweke (dirimu), ku, adik, mu, lsp.
4. Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Contone :
Enem (enam), telu (tiga), wolu (delapan), papat (empat), pitu (tujuh), setengah, siji (satu), sepuluh, sethithik (sedikit), akeh (banyak), lsp.
5. Tembung Sipat/Kaanan (Kata Sifat)
Contone :
Ayu (cantik), lara (sakit), elek (jelek), kuru (kurus), susah, abang (merah), seneng (senang), sregep (rajin), lemu (gemuk), putih, lsp.
6. Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
Contone :
Ngisor (bawah), lor (utara), kana (sana), tengah, ndhuwur (atas), wetan (timur), kidul (selatan), pojok, kulon (barat), kene (sini), lsp.
7. Tembung Seru/Pangguwuh (Kata Seru)
Contone :
Wah, adhuh, ah, tulung (tolong), lho, eh, lsp.
8. Tembung Sandhangan (Kata Sandang)
Contone :
Sang, Hyang, Raden, Kyai, lsp.
9. Tembung Panyambung (Kata Sambung)
Contone :
Sarta (serta), lan (dan), wusana, mulane (makanya), lsp.
10. Tembung Pangarep (Kata Depan)
Contone :
Saka (dari), ing (di), menyang (ke), sing (yang), lsp.
Keterangan :
- lsp (lan sak piturute/dan sebagainya).
Sumber : Buku Kawruh BASA JAWA PEPAK.