Tumrap Kabiasaane.
1. Atine :
- anyel, ayem, dheg-dhegan, gragapan, mangkel, sumendhal, miris, giris.
2. Awake :
- aras-arasen, seger, greges, ndhredheg.
3. Bathuke :
- anget, sumer, cenut-cenut.
4. Boyoke :
- pegel, linu, jimpe, cekot-cekot.
5. Cangkeme :
- clongopan, glagepan, klangopan, mecucu, meniren, nyomak-nyamik, lumpangen, pringisan, dlangapan.
6. Dhadhane :
- ampeg, ndhrodhog, menggeh-menggeh, sesek, sumpek.
7. Dlamakane :
- pedhes.
8. Githoke :
- mengkorog, mrindhing.
9. Gorokane :
- kesereten, ngorong, pancingen.
10. Getihe :
- dleweran, mancur.
11. Gulune :
- cengeng, gela-gelo.
12. Guyune :
- cekakakan, cekikikan, cengengesan, ger-geran, drengesan.
13. Ilate :
- kemecer, melet, gomen.
14. Irunge :
- cengar-cengir, pilek, sentrap-sentrup.
15. Kalamenjinge :
- ceguken, munggah-mudhun.
16. Kupinge :
- brebegen, mbengung, mbenging.
17. Kringete :
- dleweran, gobyos.
18. Lakune :
- akas, rindhik, banter.
19. Lambene :
- garing, gomen, kepedhesen, klametan, mencep, ngawet, ngintip.
20. Luhe :
- crocosan, dleweran.
21. Mripate :
- kriyap-kriyip, jlalatan, pendirangan, pet-petan, plirak-plirik, plerak-plerok, mlolo, mlorok, mlirik, melek, merem, ketok, rembes.
22. Pikirane :
- bingung, jibeg, sumpeg.
23. Pilingane :
- cekot-cekot, cenut-cenut.
24. Playune :
- banter, kebat, rikat, alon.
25. Raine :
- pucet.
26. Rambute :
- krembyahan, mbrondhol, rontok.
27. Sikile :
- cekakaran, gringgingen, jimpe, kesel, ngethok, ngosek, pekangkangan.
28. Sirahe :
- benjol, benjut, manggut-manggut, man-thuk-manthuk, gela-gelo, ngelu, mumet, puyeng.
29. Swarane :
- gumrenggeng, kemrisik, lirih, pating brengok.
30. Tandange :
- cekat-ceket, cukat trengginas, trampil.
31. Tangane :
- gemeter, jowal-jawil, kethawilan, keju, linu, jimpe, jepapangan, kranggehan.
32. Tatune :
- perih, dleweran getih.
33. Wetenge :
- kemlekaren, kuwaregen, krucuk-krucuk, kroncongan, mules, senep sunduken, perih, luwe, kembung.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.