ASTHA BRATA (Wahyu Makutha Rama).
Prabu Suyudana kang nedya ngarepake Wahyu Makutha Rama, kanthi ngutus Adipati Karna lan Wadyabala Kurawa sarana ngendelake kekuatan jasmanine, ora diparengake kalyan Begawan Kesawasidi, nanging diparengake marang Raden Arjuna kang uga ngarepake Wahyu kasebut kanthi "laku rohani" (tapa brata, tarak brata).
Raden Arjuna klakon nrima wahyu Makutha Rama kang isine ajaran "Hastha Brata" yaiku wahyu keprabon/kepemimpinan. Kang njupuk tuladha sifat lan watake : 8 Dewa lan sifat watake : 8 unsur alam. (1. Bathara Wisnu watake Bumi ~ 2. Bathara Bayu watake Maruta/angin ~ 3. Bathara Baruna watake Samodra/banyu ~ 4. Bethari Ratih watake Candra/rembulan ~ 5. Bathara Surya watake Surya/srengenge ~ 6. Bathara Indra watake Akasa/langit ~ 7. Bathara Brahma watake Dahana/geni ~ 8. Bathara Ismaya watake Kartika/lintang).
Katrangan :
1. Sifat Bumi.
Nduweni sifat sabar kang tanpa upama, senajan dipacul, di garu, lan di luku, nanging malah ndadekake kesuburan kang bisa nuwuhake sawernane tetanduran kang bisa di unduh, menehi sakabehing kang dikandut ing sanjeroni bumi tanpa bisa entek marang sapa wae ora pilih kasih, menehi panguripan marang sekabehing mahluk, jalma manungsa, kewan lan thetukulan.
2. Sifat Maruta (Angin).
Rumasuk marang sakabehing panggonan tanpa pilih kasih, ora peduli panggonan resik, lan reged, sumrambah sakabehing panggonan kanthi warata, murakabi kanggo uripe sakabehing mahluk.
3. Sifat Samodra (Banyu).
Nduweni watak adil lan legawa, ora nduwe watak menange dhewe, ndhuweni watak kerukunan marang sakabehing mahluk. Sifat banyu sanajan dipisahake bisa pulih maneh, uga nduweni sifat menehi panguripan, keselametan, ketentreman lan bisa nyucekake barang kang reged. Watake samodra nrima lan legawa nampa samubarang kang lumebu, sanajan resik lan reged kabeh ditrima kanthi lila lan legawa, amarga samodra iku jembar banget.
4. Sifat Chandra (Rembulan).
Cahyane kang lembut menehi pepadhang marang bumi sak isine kanthi rasa seneng lan tentrem, sifat luwes, seneng marang sapadha-padha, nuwuhake rasa tresna lan welas asih.
5. Sifat Surya (Srengenge).
Bisa menehi pepadhang, menehi kekuatan, menehi daya kanthi rata marang bumi lan sakabehing mahluk ing ngalam donya sak isine.
6. Sifat Akasa (Langit).
Menehi pengayoman marang sakabehing mahluk tanpa pilih kasih, menehi keadilan mbagi "mongso".
7. Sifat Dahana (Geni).
Nduweni sifat panglebur, mbrastha angkara, mbengkas karya, mrantasi gawe, prakara cilik, prakara gedhe, alus lan kasar bisa mentas amarga kekuatane geni.
8. Sifat Kartika (Lintang).
Sifate tata lan tertib uga tangguh ora gampang kena pengaruh sapa wae, bisa menehi panglipur kang lagi rekasa, menehi panuntun marang kang lagi kabingungan.
Mangkono mau wedhare "Astha Brata" supaya bisa kanggo tepa tuladha tumrape sakabehing mahluk ing alam donya, luwih-luwih kanggone para pemimpin, pemimpin kula warga, pemimipin Bangsa lan Negara.
Kang wigati : Sakabehing sifat, watak daya lan kekuatan alam mau, ya mung amarga saka panguasane Gusti Allah SWT, lan sakabehing mau ciptaane Allah.
"Ora ana daya lan kekuatan kajaba mung saka Allah SWT."
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.