Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa/Chandrane Manungsa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa/Chandrane Manungsa. Tampilkan semua postingan

Senin, 20 Agustus 2018

Chandrane Manungsa

Chandrane Manungsa.


1. Alise - nanggal sepisan.
2. Astane - nggendhewa gadhing.
3. Athi-athine - ngudhup turi.
4. Awake - ramping.
5. Bangkekane - nawon kemit.
6. Bathuke - nyela cendhani.
7. Bokonge - manjang ngilang.
8. Brengose - nglaler menclok.
9. Brengose - nguler keket.
10. Cahyane - sumunu/sumunar.
11. Cahyane - ngalentrih.
12. Drijine - mucuk eri.
13. Godhege - simbar rumembun.
14. Gulune - ngelung gadhung.
15. Gulune - ngolan-olan.
16. Eseme - kaya madu pinastika.
17. Eseme - pahit madu.
18. Idepe - tumenga ing tawang.
19. Irunge - kencana pinantar.
20. Irunge - mbangir.
21. Irunge - ngudhup mlathi.
22. Kempole - ngembang pudhak.
23. Kempole - nyikil walang.
24. Lakune - macan luwe.
25. Lakune - mager timun.
26. Lembehane - mblarak sempal.
27. Lambene - manggis karengat.
28. Lambene - nggula satemplik.
29. Lengene - nggandhewa pinentang.
30. Mripate - blalak-blalak.
31. Mripate - ndamar kanginan.
32. Netrane - liyep alindri.
33. Pakulitane - ngulit langsep.
34. Pakulitane - ireng manis.
35. Pamulune - ambengle kiris.
36. Pamulune - prada binabar.
37. Pawakane - gagah pideksa.
38. Pawakane - ramping.
39. Pipine - nduren sajuring.
40. Polatane - ruruh jatmika.
41. Praene - sumunar.
42. Pundhake - nraju emas.
43. Rambute - ngandhan-andhan.
44. Rambute - ngembang bakung.
45. Sinome - micis wuncah.
46. Sinome - mbibis mabur.
47. Slirane - sedhet singset.
48. Solahe - merak ati.
49. Susune - nyengkir gadhing.
50. Swarane - ngombak banyu.
51. Tangane - nggandhewa pinenthang.
52. Tungkake - bunder lir janangka.
53. Ulate - sumeh/sumunar.
54. Untune - miji timun.
55. Untune (sisigane) - ngelar kombang.
56. Wange - ngungkal gerang.
57. Wange - nyangkal putung.
58. Watake - andhap asor.
59. Wentise - mukang gangsir.
60. Wentise - ndamen meteng.



Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.