Tanpa Apa.
1. Anta - tanpa : rasa.
2. Anyep - tanpa : rasa.
3. (m) Blarah - tanpa : aturan.
4. (m) Bledheh - tanpa : kancing, benik.
5. Brondhol - tanpa : wulu, godhong.
6. (m) Brindil - tanpa : wulu, godhong.
7. Brumbung - tanpa : sothang (jangkrik, gangsir, walang, lsp).
8. Buntung - tanpa : buntut.
9. Cemplang - tanpa : rasa, asin.
10. Cuthel - tanpa : ana teruse.
11. Dadakan - tanpa : antan-antan.
12. (n) Dheprok - tanpa : sikilan (gelas, cangkir).
13. Gabug - tanpa : isi (pari, koro, krambil).
14. Glundhung-semprong - tanpa : nggawa gawan.
15. Gothang - tanpa : suthang siji (jangkrik, gangsir, walang, lsp).
16. Grumpung - tanpa : irung.
17. Gundhil - tanpa : wulu, godhong.
18. Gundhul - tanpa : rambut, wit-witan.
19. Ijen - tanpa : rewang, kanca.
20. Ilang - tanpa : ujud.
21. Kotang - tanpa : lengenan.
22. Kothong - tanpa : isi.
23. Kuthung - tanpa : gulon, lengen.
24. Legan - tanpa : momongan, rewang.
25. Legeh - tanpa : momongan, rewang.
26. Legena - tanpa : sandhangan (aksara Jawa).
27. Ligan - tanpa : wrangka (tumbak, keris).
28. Ngeblak - tanpa : aling-aling.
29. Ngujawara - tanpa : guneman swara.
30. Oblang-oblang - tanpa : pager, lawang.
31. Perung - tanpa : godhong kuping.
32. Prucul - tanpa : sungu (kebo, sapi, wedhus).
33. Selak - tanpa : ngakoni, rumangsa.
34. Sukun - tanpa : isi (woh-wohan), tanpa untu.
35. Suwung - tanpa : wong (omah).
36. Trondhol - tanpa : wulu (pitik).
37. Tukung - tanpa : buntut (pitik).
38. Tetep - tanpa : owah, geseh.
39. Wuda - tanpa : sandhangan, pakeyan.
40. Wutuh - tanpa : kalong, suda.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.