Jenenge Wong (Nama/Julukan Bagi Orang).
1. Jaka :
Bocah lanang sing wis diwasa (durung rabi).
2. Jaka jebug :
Jaka sing wis tuwa durung rabi.
3. Dhudha :
Wong lanang sing wis ora duwe bojo.
4. Dhudha kembang :
Dhudha sing isih enom durung duwe anak.
5. Dhudha kawuk :
Dhudha sing wis tuwa.
6. Dhudha bangsong :
Dhudha mlarat anake akeh.
7. Dhudha kalung :
Dhudha duwe anak wadon sing bisa ngopeni.
8. Kaki-kaki :
Wong lanang sing wis tuwa banget.
9. Prawan :
Bocah wadon sing wis diwasa (durung rabi).
10. Prawan sunthi :
Prawan kencur (prawan cilik).
11. Prawan gendhor/kasep :
Prawan sing wis tuwa durung rabi.
12. Randha :
Wong wadon sing wis ora duwe bojo.
13. Randha tanggung :
Randha sing isih enom.
14. Randha kembang/wulanjar :
Randha sing isih enom durung duwe anak.
15. Randha kisi :
Randha sing duwe anak lanang.
16. Randha kasihan :
Randha mlarat anake akeh.
17. Randha keringan :
Randha sing sugih bandha.
18. Randha menter :
Randha sing panggonane sarwa apik.
19. Nini-nini :
Wong wadon sing wis tuwa banget.
20. Nyai, nyi :
Wong wadon sing diajeni.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK