Tembung Entar
Ing basa Indonesia, Tembung Entar diarani Kata ber-Makna Kiasan (Konotasi).
A.
- Abang kupinge : nesu, banget
- (ng) abangke kuping : gawe nesu
- Abang-abang lambe : ora temenan, mung lelamisan
- Abang raine : nandhang isin (wirang)
- Adol ayu : ngendelake ayune
- Adol bagus : ngendelake baguse
- Adol gawe : ngatonake penggaweane
- Adol kringet : nyambut gawe abot banget
- Adol kwanen : ngendelake kwanene
- Adol krungon : golek-golek warta/kabar
- Adol sendhe : adol barang menyang gadhen
- Adol umbag/umuk : akeh omonge, ning ora ana nya-tane
- Adus getih : tatune nemen banget
- Adus kringet : nyambut gawe abot banget
- Adus luh : nemen anggone nangis
- Akeh sandhungane : akeh alangane
- Ala jenenge : kurang dipercaya
- Ala kandhutane : ala watake
- Ala tembunge : tembunge kasar/saru
- Alus tembunge : kepenak dirungokakegokake
- Amba jangkahe : bisa ikhtiyar mrana-mrana
- Apus krama : dibujuki/diapusi cara alus
- Asor budine : bebudene ala
- Asor yudane : kalah
- Ati dhondhong : atine ala
- Atine ana wulune : atine ala/dengki
B.
- (m) Balang liring : nglirik mripate
- Bau suku : abdi/batur
- Bau tengen : wong kang dipercaya
- Bening atine : sumeh
- (m) Buang sangkal : ngilangi/mbuang apes
- (m) bukak wadi : ngandhakake wewadine
- (m) Buang tilas : nutupi tumindakake sing ala
C.
- Cagak elek : camilan supaya betah melek
- Cagak urip : kanggo nyukupi kebutuhan uripe
- Cancut taliwanda : tandang gawe
- Cangkem gatel : seneng ngrasani/nggunem
- Cendhak umure : gelis mati
- Cepak jodhone : gelis oleh jodho
- Cepak rejekine : gampang oleh rejeki
- Cilik atine : kuwatir/wedian
- Cupet atine : gampang nesu
- Cupet budine : ora bisa nggayuh kautaman
- Cupet jangkahe : ora bisa golek sarana
- Cupet nalare : ora bisa mikirake werna-werna
- Cupet pangadel : ora percaya
D.
- Dadi gawe : ngrepotake
- Dawa-dawa ula : perkara kang ora uwis-uwis
- Dawa tangane : seneng nyolong njupuk
- (n) Dhedher kautaman : golek kebecikan
- Dhuwur atine : gumedhe
- Dhuwur pangkate : dadi wong pangkat/panguwasa
E.
- Empuk rembuge : guneme enak dirungokake
- Entek atine : kaweden/kuwatir banget
- Entheng sanggane : ora rekasa
- Entheng tangane : seneng tandang gawe/seneng mara tangan
G.
- (ng) Gadho ati : gawe susah ati
- Gantung kepuh : sandhangane ora tau ganti
- (ng) Gantung untu : selak kepingin mangan
- Gedhe atine : tatag/ora kuwatir
- Gedhe endase : sombong (kemlungkung)
- Gedhe omonge : umuk ora ana nyatane
- Gedhe tekade : ora gampang pasrah
- (ng) Gedhekake puluk : ora ana prihatine
- (ng) Gegem tangan : kesed nyambut gawe
- Gilig rembuge : rembugane pasti/mesti
- Gilig tekade : tekade ora bakal mundur
- (ng) Gilud kawruh : golek ilmu kanthi mempeng
- Golek slamet : ati-ati supaya ora cilaka
- Golek urip : nyambut gawe nggo nyukupi butuhe
I.
- Idu geni : omongane tansah kelakon
- Ilat mati : ora bisa ngrasakake
- Ilang klilipe : ilang mungsuhe
J.
- Jaka lara : rikala nome rekasa
- Jembar dhadhane : sugih pangapura/sabar banget
- Jembar kawruhe : akeh ngilmune
- Jembar kubure : mlebu swarga
- Jembar polatane : sumringah
- Jembar segarane : sugih pangapura/sabar
- Jero kawruhe : akeh ngilmune/pinter
K.
- Kadalu warsa : kasep/wis kliwat
- Kandel kulite : digdaya/sekti
- Kandel kupinge : ora nggugu pitutur
- Kaku atine : tansah ora sarujuk/sulaya
- Kasar tembunge : tembunge saru
- Katon dhadhane : wani adu arep
- Kegugah atine : sadar/eling
- Kelepetan ala : katut ala
- Kembang lambe : tansah digunem kebecikane
- Kakehan tangan : kakehan sing nyandhak
- Kembange urip : lelakone wong urip warna-warna
- Kena tinenga-tenga : kena disambati
- Kenceng karepe : kekarepane kudu keturutan
- Kenceng tekade : tekade ora bakal mundur
- Kulak warta : golek kabar/warta
- Kuwat drajat : cocok dadi pemimpin/panguwasa
- Kuwat isin : mblebes/ora isinan
- Kuwat mangan : mangane akeh
L.
- Lambe tipis : criwis/akeh omonge
- Landhep dhengkul : kethul banget
- Landhep pikirane : pinter banget/gampang ngerti
- Lara ati : serik atine
- Lara ayu : lara cacar
- Lara owah : edan/gendheng
- Larang pangan : paceklik
- Lobok atine : sabar
- Luhur budine : kelakuane becik/apik
- Luhur drajate : dadi wong pangkat/panguwasa
- Lurus lakune : jujur
- Lumah tangan : ora gelem cawe-cawe
- Lunyu ilate : guneme mencla-mencle
M.
- Manis eseme : eseme ngresepake ati
- Manis rembuge : guneme nyenengne ati
- Mara tangan : seneng gawe lara/milara
- Masa bodhoa : pasrah
- Mata dhuwiten : srakah marang dhuwit
- Mata loro : mangro tingal
- Mateni pangane : gawe ilang panguripane
- Mateng kawruhe : mumpuni/kawruhe wis tutug
- Mateng rembuge : guneme wis disarujuki
- Mati sandhang pangane : ilang dalane golek panguripan
- Mati raga : prihatin/tapa/tirakat
- Medhot dalan : ora diterusake
- Metani lupute : nggoleki salahe
- Meres kringet : nyambut gawe mempeng
- Meres pikir : temenan anggone mikirake
- Mogel ilate : mangan sing sarwa enak
- Mogol sinaune : ora tutug sekolahe
- Murang tata : kurang ajar/ora duwe duga
N.
- Nandhang sungkawa : lagi susah
- Nandur kebecikan : gawe kebecikan
- Ngadu wuleding kulit : adu kekuwatan
- Ngangsu kawruh : golek ngilmu/meguru/sekolah
- Ngatonake siyunge : nuduhake kekuwatane/kuwanene
- Ngatonake dhadhane : umuk/sumbar
- Ngekep dhengkul : nganggur ora nyambut gawe
- Ngendhaleni hawa napsu : nyegah kekarepan ala
- Ngepuh kringet : nyambut gawe mempeng
- Ngemut driji : ora oleh apa-apa
- Nyolok mata : ketara banget
O.
- Oleh ati : disenengi
- Oleh gawe : kaleksanan
- Oleh wirang : kisinan
- Oleh lara : kalaran
- Ora duwe ati : kuwatir banget/wedi
- Ora melek : ora ngerti
- Ora ngundhuh : ora oleh apa-apa
P.
- Padhang dalane : mlebu swarga
- Padhang hawa : lair ing donya
- Padhang langite : seneng
- Padhang pikire : lega/seneng
- Padhang ulate : sumeh
- Pait getire urip : warna-warna lelakune wong urip
- Pait lelakone : uripe rekasa
- Panas atine : nesu banget
- Pecah pamore : wis ngancik diwasa
- Pecah pikire : wiwit bisa golek srana
- Pedhes rembuge : guneme gawe serik
- Perih atine : nesu banget
- Peteng atine/pikire : susah
- Pingget atine : serik
- Pulih getih : pak-puk/ora kalah ora menang
- Puput yuswa : mati/seda
R.
- Rai gedheg : ora duwe isin
- (ng) Rengga praja : njaga negara
- (ng) Rengga salira : dandan/macak
- Runtuh atine : tuwuh welase
- Rupak atine : cugetan/ora gampang ngapura
- Rupak jagade : judheg/ora bisa mrana-mrana
S.
- Sabuk gelang : sawahe akeh banget
- Sepi kawruh : bodho/ora duwe ilmu
- Sepi pamrih : ora duwe pamrih
- Seret rejekine : ora gampang golek rejekine
- Sesak dhadhane : mangkel/anyel
- Sumpeg atine : susah/sedih
T.
- Tadhah kalamangsa : dipangan
- Tadhah udan : lirangan gedhang sing dhuwur dhewe
- Tatu atine : serik banget
- Tanpa tilas : entek blas
- Tipis lambene : criwis/seneng nggunem wong liya
- Thukul pikire : nduwe akal
- Thukul turune : nduwe anak
U.
- Udan tangis : akeh sing padha nangisi
- Ulat peteng : katon nesu
- Ulat manis : sumeh
- Utang lara : tau nggawe larane wong liya
- Utang pati : tau nggawe patine wong liya
- Utang wirang : tau nggawe wirange wong liya
W.
- Walang ati : sumelang/kuwatir
- Wani mati : nekad/kendel banget
- Wani silit wedi rai : ora wani terang-terangan
- Weteng kadut : dremba/ora tampikan
- Weteng karet : panganane akeh
- Wedi getih : jirih/ora wani
- Wedi kangelan : lumuh/kesed
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK