Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa/Cangkriman. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa/Cangkriman. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 25 Agustus 2018

Cangkriman

Cangkriman iku unen-unen sing kudu dibedhek (dibatang). Mula cangkriman diarani uga bedhekan.

Tuladha :

1. Ana gajah numpak becak, ketok apane? (ketok mbujuke).

2. Urang sapikul matane pira? (ana 6 : urang, sapi, kul).

3. Sega sakepel dirubung tinggi, apa? (salak).

4. Dikethok malah dhuwur, apa? (celana).

5. Ngarep ireng, mburi ireng sing tengah methentheng, apa? (wong mikul areng).

6. Kewan apa : sirahe neng sikil, mripat neng sikil, irunge neng sikil, cangkeme neng sikil, pokoke kabeh neng sikil. (anak pitik kepidak).

7. Pak bomba, pak lawa, pak peyut.
(tipak kebo amba, tipak ula dawa, tipak cempe ciyut).

8. Lampu apa nek dipecah metu uwonge. (lampune toko sing lagi tutup).

9. Pak demang klambi abang, nek didudul gondhal-gandhul, nek disuduk manthuk-manthuk. (kembang gedhang : ontong).

10. Pitik walek saba kebon. (nanas).

11. Jenenge satriya pringgondani iku sapa? (ya Raden Gathutkaca, ya uleg-uleg : pring bonggol didandani).

12. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh. (geni).

13. Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira-kira gedhe apane? (gedhe omonge).

14. Ana kuthuk dilebokne kurungan rapet, kira-kira wis ra bisa metu, disediyani pakan lan omben cukup, bareng wis setahun kuthuke ilang, menyang ngendi? (dadi pitik).

15. Ana tulisan Arab, Macane saka ngendi? (saka alas).



Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.