Rurabasa.
Tetembungan rurabasa iku tetembungan sing ajeg panganggone sanajan salah kaprah.
1. Adang isuk.
Adang sega wayah esuk.
2. Adang sega.
Adang beras supaya dadi sega.
3. Bakul jangan.
Wong dodol keperluane masak.
4. Jaga gerdhu.
Jaga keamanan manggon ing gerdu.
5. Mangan awan.
Mangan sega wayah awan.
6. Mbathik sewek.
Mbathik mori supaya dadi sewek.
7. Mbunteli tempe.
Mbunteli kedele godhog dicampuri ragi supaya dadi tempe.
8. Menek klapa.
Menek wite klapa.
9. Mikul soto.
Mikul kwali isine soto.
10. Ndhudhuk sumur.
Ndhudhuk lemah digawe sumur.
11. Njahit klambi.
Njahit kain supaya dadi klambi.
12. Negor klapa.
Negor wit klapa.
13. Nenun sarung.
Nenun benang supaya dadi kain.
14. Netel jadah.
Netel ketan mateng supaya dadi jadah.
15. Ngekum landha.
Ngekum arenge merang supaya dadi landha.
16. Ngenam klasa.
Ngenam mendhog/pandhan supaya dadi klasa.
17. Ngenam kepang.
Ngenam rambut supaya dadi kepang (rambut klabangan).
18. Ngenam sesek.
Ngenam silatan pring supaya dadi sesek.
19. Nglinting rokok.
Nglintung klobot karo mbako supaya dadi rokok.
20. Nulis layang.
Nulisi dluwang/kertas supaya dadi layang.
21. Nunggu manuk.
Nunggu sawah supaya parine ora dipangan manuk.
22. Tangi turu.
Melek bar turu.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK
Tidak ada komentar:
Posting Komentar