Kerata Basa
1. Anak.
ditegesi : karep apa-apa kudu ana lan enak.
2. Bapak.
ditegesi : bap apa-apa pepak (kawruhe lan pengalamane akeh).
3. Batur.
ditegesi : embat-embating tutur (kena diajak musyawarah/mupakatan).
4. Bocah.
ditegesi : yen mangan kaya kebo, penggaweyane ora kecacah.
5. Brekat.
ditegesi : dideleh mak breg terus diangkat.
6. Cangkem.
ditegesi : yen ora dicancang ora mingkem.
7. Cangkir.
ditegesi : kanggo nyancang pikir.
8. Cengkir.
ditegesi : kencenge pikir
9. Denawa.
ditegesi : ngeden hawa (ngumbar hawa napsu).
10. Desember.
ditegesi : gedhe-gedhene sumber.
11. Dongeng.
ditegesi : dipaido ora mengeng.
12. Garwa.
ditegesi : sigaraning nyawa.
13. Gedhang.
ditegesi : saged padhang, digeget bar madhang.
14. Gerang.
ditegesi : segere wis arang-arang.
15. Guru.
ditegesi : kena digugu lan ditiru.
16. Gusti.
ditegesi : bagusing ati.
17. Januari.
ditegesi : hujan saben ari.
18. Kaji.
ditegesi : tekade siji (ngantebi manembah mring Gusti Allah).
19. Kathok.
ditegesi : diangkat sithok-sithok.
20. Kodhok.
ditegesi : teka-teka ndhodhok.
21. Kotang.
ditegesi : sikute diutang.
22. Krikil.
ditegesi : keri ing sikil.
23. Kuping.
ditegesi : kaku njepiping.
24. Kupluk.
ditegesi : kaku nyempluk.
25. Kursi.
ditegesi : yen diungkurake banjur isi.
26. Ludruk.
ditegesi : gulune gelo-gelo, sikile gedrug-gedrug.
27. Maling.
ditegesi : njupuk amale wong sing ora eling.
28. Mantu.
ditegesi : dieman-eman meksa metu.
29. Maratuwa.
ditegesi : mara-mara ketemu tuwa.
30. Nopember.
ditegesi : ana sumber.
31. Oktober.
ditegesi : untub-untube sumber.
32. Pebruari.
ditegesi : yen mepe mburu ari.
33. Prawan.
ditegesi : yen pepara (lelungan) kudu wayah awan.
34. Saru.
ditegesi : kasar lan keliru.
35. Sejarah.
ditegesi : sejane ngarah (yen dina riaya/Idul Fitri).
36. Sekuter.
ditegesi : sambi sendheku mlayu banter.
37. Sepuh.
ditegesi : sabdane ampuh.
38. Simah.
ditegesi : isine omah.
39. Sinom.
ditegesi : isih enom.
40. Sirah.
ditegesi : isine rah.
41. Siti.
ditegesi : isine bulu bekti.
42. Sopir.
ditegesi : yen ngaso mampir (ing warung).
43. Sruwal.
ditegesi : saru yen nganti uwal.
44. Sulap.
ditegesi : yen kesusu bakal ketilap.
45. Tandur.
ditegesi : nata karo mundur.
46. Tapa.
ditegesi : tatane kaya wong papa.
47. Tarub.
ditegesi : ditata supaya katon murub.
48. Tayub.
ditegesi : ditata supaya katon guyub.
49. Tebu.
ditegesi : antebe kalbu.
50. Tepas.
ditegesi : titip napas.
51. Tuwa.
ditegesi : untune wis rowa, ngenteni metune nyawa.
52. Wanita.
ditegesi : wani ditata.
53. Wedang.
ditegesi : dianggo gawe kadang.
54. Wedhus.
ditegesi : suwe ora tau adhus (ambune ora enak).
55. Weteng.
ditegesi : ruwet tur peteng.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK
Tidak ada komentar:
Posting Komentar