Candrane Wong Minum.
1. Eka padmasari.
Wong sing minum sak sloki, raine wis katon sumringah. (eka = 1, padma = kembang, sari = pathi).
2. Dwi amartani.
Wong sing minum rong sloki, bisa mratani awak sakojur. (dwi = 2, amartani = rata ing ngendi-endi).
3. Tri kawula busana.
Wong sing minum telung sloki, awake krasa sumuk terus ucul panganggo. (tri = 3, kawula = batur, busana = sandhangan).
4. Catur wanara rukem.
Wong sing minum patang sloki kaya kethek rebutan rukem, omongane kaya wong dleming. (catur = 4, wanara = kethek, rukem = arane woh-wohan).
5. Panca sura panggah.
Wong sing minum limang sloki, banjur atine sepi ing rasa was sumelang. (panca = 5, sura = wani, panggah = kukuh).
6. Sad guna weweka.
Wong sing minum enem sloki, wiwit sirna/pangati-ati sanajan krungu wong ngalem, rumangsane kaya ngrasani ala awake. (sad = 6, guna = paedah, weweka = ngati-ati).
7. Sapta kukila warsa.
Wong sing minum pitung sloki, kaya manuk kadhemen, amarga kudanan, njedhidhil, cangkeme kumruwuk. (sapta = manuk, warsa = udan).
8. Astha sacara-cara.
Wong sing minum wolung sloki, solah tingkahe wis ora karuwan, ninggal tata uga kasusilan. (astha = 8, secara-cara = ora karuwan).
9. Nawa gra lapa.
Wong sing minum sanga sloki, awake banjur dadi lungkrah, lesu tanpa daya, amarga wis kakehan tingkah. (nawa = 9, gra = awak, lapa = lesu).
10. Dasa buta mati.
Wong sing minum sepuluh sloki, pepindhane kaya buta mati, nanging isih ngedeni, yen obah wong bisa mlayu kabeh. (dasa = 10, buta = raksasa, mati = mati).
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK
Nek seng tak eling2 wektu SMP biyen Dudu dasa Buto mati tapi dasa raseksa wangke
BalasHapus