Minggu, 19 Agustus 2018

Tembung Homonim

Tembung Homonim.

A.
- Amblas : Ilang, lunga.
- Adu : tarung, gathuk.
- Aji : donga, raja.
- Arep : gelem, bakal.
- Atur : (di) wenehake, tata.
- Apus : kendhaline jaran, goroh.
- Asah : ngumbah piring, nggosok nganti alus.
- Antep : swara gedhe, abot seru.
- Asta : (di) cekel, tangan.
- Angker : gampang nesu, ora kena diambah.

B.
- Badan : riyaya lebaran, awak.
- Babak : tumrap crita, mlecet kulite.
- Baya : arane kewan, mutawatiri.
- Bak : lungguhan ana ing kreta/mobil, wadhah bayu.
- Bandha : barang dagangan, barang kesugihan.
- Bale : amben, omah.
- Baut : piranti sekrup, wasis seru.
- Blanja : tuku barang-barang, jatah.
- Buk : ora kalah ora menang, urung-urung banyu.
- Bledug : anak gajah, lebu.

C.
- Catur : arane dolanan, kandha, gunem.
- Cacah : dirajang, wilangan.
- Celeng : jenenge kewan/babi alasan, wadhah dhuwit.
- Cucuk : cangkeme kewan, manuk, cocog.

D.
- Dalem : aku, omah.
- Dangu : (di) takoni, suwe.
- Dadar : (di) teter, gorengan endog.
- Donya : barang kesugihan, jagad.
- Dhapur : pawon, rupa, praen.
- Duka : nesu, embuh.
- Dhateng : menyang, teka.
- Dhasar : (di) tata (dagangan), perangan ngisor.

G.
- Ganep : ora ganjil, ora kurang.
- Guru : paugeran, wong sing wulang wurug.
- Gudhang : omah nyimpen barang-barang.
- Golek : kaya boneka, ngupaya.
- Gunggung : ngalem, jumlah.

J.
- Jati : arane wit, nyata.
- Jaja : ngiderake dagangan, dhadha.
- Jangka : pangangkah, piranti sekolah.
- Jangkar : nyebut arane cilik, wesi gantungane prau.
- Jujul : dhuwit turahane mbayar, ora sedheng.
- Jumeneng : ngadeg, madeg ratu.

K.
- Kanthil : arane kembang, gumantung ing.
- Kaca : raine buku, kaca.
- Kala : jiret, cilaka, wektu, nalika.
- Kalong : lawa gedhe, suda sethithik.
- Kajeng : karep, gelem, kayu.
- Kendhat : nglalu, pedhot.
- Kedalon : kewengen, kematengen.

L.
- Layar : sandhangan aksara, kaine prau.
- Labuh : arep rendheng, kabecikan, jasa.
- Laras : (di) gagas, runtut, cocok.
- Langkung : luwih, liwat.

M.
- Mangsa : pangan, wektu.
- Mari : waras, wis rampung.
- Mawa : geni areng, nganggo.
- Mara : coba ta, teka nyedhaki.
- Mas : sebutane wong lanang, logam sing regane larang.
- Nuwun : njaluk, terima kasih.
- Nata : ngrakit, ratu.

P.
- Pasang : banjir, (di) tata ing.
- Para : bakul mas inten, diperang-perang.
- Panjak : tukang laden pandhe, niyaga.
- Pas : banjur, ora turah/kurang.
- Panci : ditetepake bageane, kuali wesi.
- Pondhok : gubug ana ing alas, pesantren.
- Pijer : kupu cilik, tansah.

R.
- Rewang : kanca kanthi, batur.
- Receh : seneng guneman, dhuwit pecahan.
- Resik : entek babar pisan, ora reged.
- Rukun : bali maneh, guyub.

S.
- Saur : mangan bengi, wangsulan.
- Saka : nerangake asale, cagak.
- Sampun : aja, wis.
- Sepet : rasane sawo mentah, kulite krambil.

T.
- Tawa : tawar, ngandhakake regane.
- Tedha : njaluk, pangan.
- Tuhu : temen, arane manuk.

W.
- Wayah : putu, wektu.
- Waja : untu, wesi atos.



Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK

Tidak ada komentar:

Posting Komentar