Swarane Kewan (Suara Hewan).
1. Swara asu :
Mbaung, njeguk.
2. Swara babon :
Petok-petok.
3. Swara banyak :
Pating krengah.
4. Swara bebek :
Kwek-kwek.
5. Swara cecak :
Ngecek.
6. Swara dara :
Mbekur.
7. Swara gajah :
Ngempret.
8. Swara gangsir :
Ngenthir.
9. Swara garengpung :
Ngrengreng.
10. Swara gemak :
Ngelung.
11. Swara jago :
Kluruk.
12. Swara jalak :
Ngoceh.
13. Swara jaran :
Beker/bengingeh.
14. Swara jangkrik :
Ngerik.
15. Swara kebo :
Ngowek.
16. Swara kethek :
Mere.
17. Swara kidang :
Mbekik.
18. Swara kodhok :
Ngorek.
19. Swara kombang :
Mbrengengeng.
20. Swara kucing :
Ngeong.
21. Swara kuthilang :
Ngoceh.
22. Swara kuthuk :
Kiyik-kiyik.
23. Swara kutut :
Manggung.
24. Swara lamuk :
Nging-nging.
25. Swara macan :
Mbaung / anggero.
26. Swara menco :
Ngoceh.
27. Swara menjangan :
Mbekik.
28. Swara merak :
Nyengungong.
29. Swara sapi :
Mbengah.
30. Swara singa :
Nggero.
31. Swara tikus :
Citcit.
32. Swara ula :
Ngakak / ngeses.
33. Swara wedhus :
Ngembek.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar