Sabtu, 25 Agustus 2018

Parikan

Parikan (Pantun).

Ana 2 jinis parikan, yaiku :
a. Parikan sing dumadi saka rong gatra (parikan tunggal).
b. Parikan sing dumadi saka patang gatra (parikan rangkep).

Tuladha :

1. Wedang bubuk gula jawa.
Yen kepethuk ati lega.

2. Sepet-sepet sawone mentah.
Diempet-empet selak ra betah.

3. Wajik klethik gula jawa.
Luwih becik sing prasaja.

4. Godhong kecipir mrambat kawat.
Najan gak mampir nanging liwat.

5. Kembang jagung dipethik cina.
Barang wis kadhung dikapakna.

6. Manuk emprit menclok godhong tebu.
Dadi murid sing sregep sinau.

7. Manuk kutut manggunge ngganter.
Yen ra nurut bisa keblinger.

8. Bayem rine ketan pulukane.
Ayem atine keturutan kekarepane.

9. Keripik gedhang godhong tela.
Sethithik edhang pada krasa.

10. Kecipir mrambat kawat.
Nadyan gak mampir nek ketok liwat.

11. Esuk nyuling sore nyuling,
Sulinge arek surabaya.
Esuk eling sore eling,
Sing dieling ora rumangsa.

12. Yen kembang kembange kacang,
Dudu kembange puspa nyidra.
Sih cikik dikudang-kudang,
Bareng gedhe gawe rekasa.

13. Awan-awan aja keluyuran,
Ana pak mantri numpak sekuter.
Kapan-kapan aku keturutan,
Duwe kanca sinaune pinter.

14. Esuk nembang sore nembang,
Tembangane asmaradana.
Esuk ngadhang sore ngadhang,
Sing diadhang ra teka-teka.

15. Omah gentheng saponono,
Cagak pilar kapuren putih.
Abot entheng lakonono,
Ati susah bakale pulih.

16. Kulon kali wetan kali,
Arep liwat ora ana wote.
Wetan gati kulon gati,
Arep ditinggal padha abote.

17. Sawonggaling wayange kuno,
Seng digawe kayune jati.
Yen eling sambangono,
Ojo gawe larane ati.

18. Neng jombang kampunge sengon,
Lemah geneng akeh wedhine.
Nadyan ora sambang nek kirim ingon,
Nek ora seneng apa mesthine.

19. Apa gunane meja lan kursi,
Kuwi pinongko palungguhane.
Apa gunane organisasi,
Kuwi pinongko persatuane.

20. Nyapu yo nyapu,
Sapu sada semendhe cagak.
Mlaku yo mlaku,
Nek ketemu kanca ayo diajak.






Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar