Sebutane Mangan.
1. Mangane asu, babi :
Nocok.
2. Mangane baya :
Nyaplok.
3. Mangane buta, diyu :
Mbadhog.
4. Mangane celeng :
Nggogos.
5. Mangane glathik :
Nisil.
6. Mangane kebo, sapi :
Nyenggut, nggayemi.
7. Mangane kethek :
Ngrokoti, ngemil.
8. Mangane macan :
Nggaglak.
9. Mangane pitik, manuk :
Nothol, nucuk.
10. Mangane singa :
Mangsa.
11. Mangane tikus :
Ngrikiti.
12. Mangane ula :
Nguntal.
13. Mangane wedhus :
Nyenggut, nggayemi.
14. Mangane wong :
Buka/saur (wayah pasa), sarapan (wayah esuk), madhang (wayah awan/sore), menthong (watara awan lan sore).
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar