BASA :
1. Basa Ngoko
- Ngoko Lugu
- Ngoko Andhap
2. Basa Madya
- Madya Ngoko
- Madyantara
- Madya Krama
3. Basa Krama
- Krama Lugu (Kramantara)
- Mudha Krama
- Wredha Krama
- Krama Inggil
- Krama Desa
- Basa Kedhaton
Katrangan :
1. Sing migunakake Basa Ngoko iku :
a. Bocah padha bocah.
b. Wong cecaturan (sing wis raket).
c. Wong sing luwih tuwa marang wong enom.
Tuladha :
a. Kowe aja mangan dhisik!.
b. Sliramu aja mangan dhisik!.
2. Sing migunakake Basa Krama iku :
a. Murid marang guru.
b. Wong enom marang wong sing luwih tuwa.
c. Anak marang wong tuwa.
d. Reh-rehan/pegawe marang dhedhuwurane/pimpinane.
Tuladha :
a. "Punapa Eyang kakung sampun dhahar?".
b. Kula tumut bapak dhateng sabin.
c. Lastri kala wau tumbas sandal.
3. Basa Krama Inggil.
Iku basa krama sing luwih ngajeni (luwih alus) kanggo ngluhurake wong liyan lan ngaso-rake awake dhewe. Basa krama inggil diarani uga Basa Krama Alus.
Tuladha :
a. Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
b. Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan.
c. Pak Badrun mundhut sepatu.
d. Eyang kakung nembe siram.
e. Buku kula dipun asta Bu Guru.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK
Tidak ada komentar:
Posting Komentar