Jumat, 17 Agustus 2018

Tembung Ngoko, Krama Madya, Krama Inggil (Perangane Awak)

Perangane Awak

Urutane :

A. Ngoko -> Krama Madya -> Krama Inggil.

1. Alis - alis - imba
2. Ati - manah - (peng) galih
3. Awak - badan - salira
4. Balung - balung - tosan
5. Bangkekan - bangkekan - pamekan
6. Bathuk - bathuk - palarapan
7. Bokong - bokong - bocong
8. Brengos - brengos - gumbala, rawis
9. Cangkem - cangkem - tutuk
10. Cengel - cengel - griwa
11. Dhadha - dhadha - jaja
12. Dhengkul - dhengkul - jengku
13. Dlamakan - dlamakan - samparan
14. Driji - driji - racikan
15. Embun-embunan - embun-embunan - pasundhulan
16. Endhas - sirah - mustaka
17. Epek-epek - epek-epek - tapak asta
18. Geger - geger - pengkeran
19. Gelung - gelung - ukel
20. Getih - rah - rah
21. Githok - githok - julukan
22. Gulu - gulu - jangga
23. Idep - idep - ibing
24. Idu - idu - kecoh
25. Iga - iga - unusan
26. Ilat - ilat - lidhah
27. Irung - irung - grana
28. Janggut - janggut - kethekan, sadhegan
29. Jenggot - jenggot - gumbala
30. Kempol - kempol - wengkelan
31. Kringet - kringet - riwe
32. Kuku - kuku - kenaka
33. Kuping - kuping - talingan
34. Lambe - lambe - lathi
35. Luh - luh - waspa
36. Mata - mripat - paningal, soca
37. Pipi - pipi - pangarasan
38. Pundhak - pundhak - pamidhangan
39. Pupu - pupu - wentis
40. Rai - rai - pasuryan
41. Rambut - rambut - rema, rikma
42. Riyak - riyak - jlagra
43. Sikil - suku - ampeyan
44. Susu - susu - prembayun
45. Suwara - swanten - swanten
46. Tangan - tangan - asta
47. Umbel - umbel - gadhing
48. Untu - untu - waja
49. Uyuh - toyan - turas
50. Weteng - weteng - padharan
51. Wudel - wudel - tuntunan

Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK

1 komentar: