Jumat, 17 Agustus 2018

Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap

UKARA :
1. Ukara Tanduk (Kalimat Aktif)
2. Ukara Tanggap (Kalimat Pasif)

Katrangan :

a. Ukara Tanduk (Kalimat Aktif).
Iku ukara sing jejere nindakake pagawean.

Tuladha :

1. Bono nendhang bal.
2. Marni nggowo kado.
3. Tono ngangkat kerdus.
4. Yanti mangan tahu.

b. Wasesane Ukara Tanduk arupa Tembung Kriya Tanduk.

c. Ukara Tanggap (Kalimat Pasif).
Iku ukara sing jejere dikenani pagawean.

Tuladha :

1. Bal ditendhang Bono.
2. Kado digowo Marni.
3. Kerdus diangkat Tono.
4. Tahu dipangan Yanti.

d. Wasesa Ukara Tanggap arupa Tembung Kriya Tanggap.

e. Ukara Kandha (Kalimat Langsung).
Iku ukara sing ngandhakake omongan liyan kanthi persis.

Tuladha :

1. Bapak dhawuh, "Kowe kudu sregep sinau supaya munggah kelas lima".
2. Sari takon marang Rani, "Sapa sing menyang omahmu wingi bengi?".
3. "Aku arep budhal sekolah", kandhane Seto.

f. Ukara Crita (Kalimat Tidak Langsung).
Iku ukara sing nyritakake omongan liyan mung sarine/ringkese bae.

Tuladha :

1. Bapak ndhawuhi aku kudu sregep sinau supaya munggah kelas lima.
2. Sari nakoni Rani bab sapa sing menyang omahku wingi bengi.
3. Singgih kandha menawa arep mangkat sekolah.

g. Ukara Kandha bisa didadekake Ukara Crita. Ukara Crita bisa didadekake Ukara Kandha. Satitekna tuladha-tuladha ing ukara a lan b ing dhuwur!.

UKARA :
1. Ukara Lamba (Kalimat Tunggal).
Iku ukara sing me-dharake gagasan mung siji.

Tuladha :

1. Dimas numpak sepedha.
2. Bu Lik nembe siram.
3. Pak Dhe maos koran.
4. Darmo nyegat bis.

2. Ukara Camboran (Kalimat Majemuk).
Iku ukara sing medharake gagasan luwih saka siji. Ukara Camboran iku rangkepane ukara-ukara Lamba.

Tuladha :

1. Rini sregep, nanging kakange kesed.
2. Narti ora mlebu sekolah amarga lara panas.
3. Adik lagi turu nalika aku teka.
4. Kadir karo Kodar nunggang jaran mubeng desa.

Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK

Tidak ada komentar:

Posting Komentar