Jumat, 17 Agustus 2018

Pamilahe Ukara

UKARA :
1. Ukara mawa Tatanan JW
2. Ukara mawa Tatanan JWL
3. Ukara mawa Tatanan JWLK

Katrangan :

1. Ukara mawa Tatanan JW (Jejer-Wasesa).
Ing basa Indonesia diarani kalimat inti.

Tuladha :

a. Agus sinau
- Agus = jejer
- sinau = wasesa
b. Adik adus
- Adik = jejer
- adus = wasesa
c. Yanti dandan
- Yanti = jejer
- dandan = wasesa

2. Ukara mawa Tatanan JWL (Jejer-Wasesa-Lesan).

Tuladha :

a. Widodo mangan roti
- Widodo = jejer
- mangan = wasesa
- roti = lesan
b. Tasku disilih Sari
- Tasku = jejer
- disilih = wasesa
- Sari = lesan
c. Ratna ngumbah klambi
- Ratna = jejer
- ngumbah = wasesa
- klambi = lesan
d. Darmo nonton tipi
- Darmo = jejer
- nonton = wasesa
- tipi = lesan

3. Ukara mawa Tatanan JWLK (Jejer-Wasesa-Lesan-Katrangan).

Tuladha :

a. Narti nggawe roti ing pawon
- Narti = jejer
- nggawe = wasesa
- roti = lesan
- ing pawon = katrangan
b. Sinta ngiris brambang nganggo lading
- Sinta = jejer
- ngiris = wasesa
- brambang = lesan
- nganggo lading = katrangan
c. Sukma njupuk buku saka tas
- Sukma = jejer
- njupuk = wasesa
- buku = lesan
- saka tas = katrangan

4. Katrangan (Pratelan) ing ukara ana macem-macem, yaiku :
a. Katrangan Wayah, kayata : esuk,sore, saiki, saben bengi, lsp.

b. Katrangan Cacah, kayata : lima, sethitik, akeh, arang, lsp.

c. Katrangan Papan/Panggonan, kayata : ing dhuwur meja, ing lapangan, pinggir, ing jero tas, lsp.

d. Katrangan Ukur, kayata : dawa, abot, gedhe, cedhak, lsp.

e. Katrangan Sabab, kayata : amarga lara, jalaran lunga, awit lara panas, amarga isih cilik, lsp.

f. Katrangan Maksud/Ancas, kayata : supaya resik, supaya padhang, dimen rampung, kareben waras, lsp.

g. Katrangan Kahanan, kayata : reged, kasar, lurus, resik, lsp.

Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK

Tidak ada komentar:

Posting Komentar