Jumat, 17 Agustus 2018

Tembung Tanggap lan Tembung Tanduk

TEMBUNG :
1. Tembung Tanggap
» Ater-ater Tripurusa
~ dak-
~ ko-
~ di-
2. Tembung Tanduk
» Ater-ater Anuswara
~ m-
~ n-
~ ng-
~ ny-

TEMBUNG :
1. Tembung Tanggap
~ i-kriya
~ ke-kriya
2. Tembung Tanduk
~ i-kriya
~ ke-kriya

Katrangan :

A. Tembung Tanggap (Kata Pasif).
Iku tembung mawa ater-ater tripurusa. Ater-ater tripurusa ana 3 macem, yaiku dak-, ko-, lan di-.

Tuladha :
1. dakombe = dak- + ombe
2. koombe = ko- + ombe
3. diombe = di- + ombe

B. Ater-ater Tripurusa iku minangka sesulih (gantine) purusa.
- Ater-ater dak- minangka sesulihe purusa l (kata ganti orang pertama). Ater-ater dak- diarani uga ater-ater utama purusa.
- Ater-ater ko- minangka sesulihe purusa ll (kata ganti orang kedua). Ater-ater ko- diarani uga ater-ater madyama purusa.
- Ater-ater di- minangka sesulihe purusa lll (kata ganti orang ketiga). Ater-ater di- diarani uga ater-ater pratama purusa.

C. Tembung Tanduk (Kata Aktif).
Iku tembung kriya mawa ater-ater anuswara, apadene tembung kriya tanpa ater-ater.

Tuladha :
1. turu
2. tuku
3. gawe
4. nyapu
5. mangan
6. nulis

D. Ater-ater Anuswara.
Iku ater-ater swara irung, yaiku m-, n-, ng-, lan ny-.

Tuladha :
1. m- + pangan = mangan
2. n- + tata = nata
3. ng- + karang = ngarang
4. ny- + cathet = nyathet

E. Tembung Tanggap I-kriya.
Iku tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) mawa panambang -i.

Tuladha :
1. dakpakani
2. kosilihi
3. digoleki

F. Tembung Tanggap Ke-kriya.
Iku tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) mawa panambang -ake.

Tuladha :
1. dakpakakake
2. kosilihake
3. dibalekake

G. Tembung Tanduk I-kriya.
Iku tembung kriya tanduk (kata kerja aktif) mawa panambang -i.

Tuladha :
1. nanduri
2. nyirami
3. nulisi
4. makani
5. mateni
6. nggambari

H. Tembung Tanduk Ke-kriya.
Iku tembung kriya tanduk (kata kerja aktif) mawa panambang -ake.

Tuladha :
1. nyilihake
2. ngeterake
3. ngarangake
4. nyapokake
5. nggambarake

Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK

1 komentar: