Jenenge Panggaweyan (Nama Pekerjaan).
1. Ajudhan : pengawal pejabat/presiden.
2. Algojo : tukang midana wong tumindhak ala.
3. Apoteker : ahli ngracik obat ing apotek.
4. Arsitek : ahli ngrancang bangunan.
5. Bajag : rampok/begal/durjana ing segara.
6. Bakul : gaweyane dodolan barang sarana cilik-cilikan.
7. Batur : gaweyane ngrewangi pakaryan.
8. Begal : rampok/begal/durjana ing tengah dalan.
9. Blandhong : tukang nebang kayu.
10. Blantik : bakul rajakaya/kewan.
11. Buruh : nyambut gawe golek upah.
12. Cantrik : abdi ngiras muride pandhita.
13. Carik : wakil lurah/juru tulis ing kalurahan.
14. Dhalang : tukang nglakokake/nyritakake wayang.
15. Dhokter : gaweyane nambani wong lara.
16. Emban : tukang momong ing kraton.
17. Empu : tukang gawe gaman (keris, tombak, lsp).
18. Gamel : tukang ngopeni jaran.
19. Gandhek : tukang nglantarake dhawuh ratu/utusane ratu.
20. Gemblak : tukang gawe barang saka kuningan.
21. Gerji : gaweyane jahit klambi.
22. Germa : tukang mbeburu/mbebedhak kewan ing alas.
23. Guru : gaweyane mulang muruk marang muride.
24. Jagal : gaweyane mbeleh rajakaya.
25. Jlagra : tukang gawe barang/natah watu.
26. Juragan : saudagar, sing nguwasani pakaryan.
27. Juru basa : ahli medharake basa liya/manca.
28. Juru dang : tukang adang.
29. Juru kunci : tukang njaga/ngrawat pasareyan.
30. Juru nujum : tukang ngramal.
31. Juru mudhi : tukang nglakokake kapal.
32. Juru tambang : tukang nglakokake orau (cilik).
33. Juru silem : tukang nyilem ing segara.
34. Juru sungging : tukang nggambar/nglukis.
35. Juru terbang : tukang nglakokake motor mabor.
36. Juru tulis : tukang nulis/tukang ketik ing kantor.
37. Kemasan : tukang gawe barang saka emas utawa inten.
38. Koki : tukang masak/olah-olah ing restoran.
39. Kondhektur : tukang narik/mriksa karcis bis utawa sepur.
40. Kundhi : tukang gawe barang saka emas utawa inten.
41. Kusir : tukang nglakokake dhokar/kreta.
42. Kyai : ahli babagan agama Islam, sebutane pusaka.
43. Madhaharan : tukang olah-olah.
44. Makelar : tukang nglantarake dol tinuku.
45. Malang : wong sing dadi polisi desa.
46. Mandhor : wong sing dadi pangarepe kuli.
47. Masinis : tukang nglakokake sepur.
48. Merbot : wong sing dadi punggawa mesjid.
49. Molang : penggaweyane bakul rajakaya.
50. Montir : tukang ndandani mesin.
51. Mranggi : tukang gawe wrangka gaman.
52. Niyaga/wiyaga : tukang nabuh gamelan.
53. Pakathik : tukang nuntun jaran.
54. Palara-lara : para nyai cilik (isih enom).
55. Palayangan : tukang ngeterake layang (surat).
56. Pandhe : tukang gawe barang saka wesi.
57. Panegar : tukang nunggang/ngajari jaran.
58. Panjak : tukang ngladeni pandhe, niyaga.
59. Pangobeng : wong aing buruh mbathik (ngobeng).
60. Para : bakul mas inten.
61. Parekan : para nyai ing kraton (sing katengen).
62. Pasindhen : wong kang nembang bareng gamelan (nyindheni).
63. Pawongan : wong sing dadi batur (wadon).
64. Pecalang : prajurit sing ngulatake lakune mungsuh.
65. Prajurit : panggaweyane bela negara.
66. Pramugari : penggaweyane ngladeni ing montor mabur, sepur.
67. Pramuwisma : tukang ngrewangi penggaweyan ing omah.
68. Pujangga : ahli sastra, penggaweyane ngarang.
69. Sarawadi : tukang adol utawa nggosok inten barleyan.
70. Sayang : tukang gawe barang saka tembaga.
71. Sekater : juru taksir rega ing gedheyan.
72. Sinoman : nom-noman sing gaweyane laden.
73. Srati : gaweyane ngrumat/ngopeni gajah.
74. Sudagar : wong dagang (gedhe).
75. Sopir : tukang nglakokake montor.
76. Tandhak : gaweyane njoget (ditanggap).
77. Tuwa buru : wong sing dadi abdine germa.
78. Undagi : tukang gawe bekakas saka kayu.
79. Waranggana : tukang nyinden ing pagelaran wayang.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar