Rabu, 22 Agustus 2018

Kaya Apa

Kaya Apa (Seperti Apa).


1. Abang - kaya : dubang.
2. Abot - kaya : watu.
3. Adhem - kaya : es.
4. Alon - kaya : keyong.
5. Alus - kaya : sutra.
6. Anteng - kaya : penganten.
7. Antep - kaya : wesi.
8. Anyep - kaya : gedebog.
9. Arum - kaya : kembang kenanga.
10. Asin - kaya : uyah.
11. Atos - kaya : wesi.
12. Banter - kaya : kilat.
13. Bening - kaya : kaca.
14. Bodho - kaya : kebo.
15. Bunder - kaya : neker.
16. Cenanangan - kaya : maling konangan.
17. Cepet - kaya : kilat.
18. Cumlorot - kaya : ndaru.
19. Dhuwur - kaya : othak-othak mega.
20. Ndleming - kaya : wong edan.
21. Ndomblong - kaya : sapi ompong.
22. Empuk - kaya : godir.
23. Entheng - kaya : kapuk.
24. Galak - kaya : buta.
25. Gilap - kaya : emas.
26. Gumebyar - kaya : prada binabar.
27. Gurih - kaya : kacang, santen.
28. Ireng - kaya : angus, silit kwali.
29. Kaku - kaya : alu, pikulan.
30. Kasap - kaya : rempelas, godhong jati.
31. Kecut - kaya : asem.
32. Kedhep - kaya : lintang.
33. Landhep - kaya : lading penyukuran.
34. Legi - kaya : gula, madu.
35. Lemu - kaya : babi, gundhik.
36. Lunyu - kaya : welut.
37. Mbrengengeng - kaya : tawon.
38. Mencorong - kaya : rembulan.
39. Mrongos - kaya : buta cakil.
40. Nglentrih - kaya : rembulan karainan.
41. Ngleler - kaya : cacing.
42. Nglemer - kaya : semut.
43. Nyenyet - kaya : kuburan.
44. Nyengit - kaya : demit.
45. Padhang - kaya : rina.
46. Pait - kaya : bratawali.
47. Panas - kaya : geni.
48. Peteng - kaya : kuburan, coblong.
49. Pliket - kaya : pulut.
50. Plonga-plongo - kaya : kebo.
51. Polahe - kaya : pinjal, rijal.
52. Putih - kaya : kapuk.
53. Rebutan - kaya : kethek.
54. Rikat - kaya : angin.
55. Rindhik - kaya : semut.
56. Swarane - kaya : bledheg.
57. Tepunge - kaya : sadulur.
58. Tepunge kalis - kaya : banyu karo lenga.
59. Tindake - kaya : Raden Janaka.
60. Turune - kaya : kepati.

Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar