Rabu, 22 Agustus 2018

Slametan/Upacara

Slametan utawa Upacara.



1. Bersih desa : slametan ngresiki desa.

2. Berjanje : maca puji-pujian ngenani riwayate Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

3. Boyongan : ngalih umah.

4. Brokohan : slametan tumrap bayi kang mentas lair.

5. Kirab : metu bareng arak-arakan (wadyabala, manten).

6. Mantu : duwe gawe ngomah-omahake anak.

7. Megengan : wiwitane sasi Pasa.

8. Mitoni : slametan nalika meteng pitung sasi.

9. Mule : slametan ndongakake para keluwarga sing wis seda.

10. Muludan : slametan ing dina wiyose Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

11. Ngirim : ngopeni kuburane keluwarga.

12. Nyandran : ndongakake wong sing wis seda ana ing makam.

13. Nyekar : ngopeni kuburan lan ndongakake keluwarga sing wis seda.

14. Nyelapani : slametan nalika bayi umur selapan (35 dina).

15. Nyepasari : slametan nalika bayi umur sepasar (5 dina).

16. Puputan : slametan nalika pusere bayi wis pedhot.

17. Sedekah bumi : bersih desa.

18. Slawatan : dedonga marang Gusti Allah kagem Kanjeng Nabi Muhammad SAW, keluwargane lan para mitrane.

19. Tahlilan : maca puji-pujian marang Gusti Allah, biasane sawise keiprahan (kepaten).

20. Tetakan : sunatan.

21. Tedhak siti : slametan nalika bocah cilik wiwit diudhunake ing lemah.

22. Tingkeban : mitoni, slametan nalikane meteng 7 sasi.

23. Udhun-udhunan : slametan ngarepake bakde (Lebaran).

24. Unggah-unggahan : slametan ngarepake pasa (sasi Pasa).

25. Wiwit : slametan ngarepake methik pari.

Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar