Rabu, 22 Agustus 2018

Ambune Apa

Ambune Apa (Baunya Apa).



1. Amis, anyir - ambune : iwak mentah.
2. Arum - ambune : kembang arum dalu.
3. Apek - ambune : kringet, pakeyan kotor.
4. Badheg - ambune : bathang kewan.
5. Bacin - ambune : peceren, iwak bosok.
6. Banger - ambune : bathang kewan, peceren.
7. Langu - ambune : tikus clurut, mbako.
8. Lecit - ambune : krambil (klapa) bosok.
9. Pesing - ambune : ompol.
10. Penguk - ambune : beras lawas, ambune jamur.
11. Prengus - ambune : wedhus.
12. Sengak - ambune : kandhang kewan.
13. Sumegrak - ambune : lombok goreng, tape.
14. Sumenthung - ambune : tlethong (kotoran kebo, sapi, lsp).
15. Tengik - ambune : ampas bosok, krambil bosok.
16. Wangi - ambune : kembang mlathi, mawar, arum dalu.




Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar