1. Wewatake wayang miturut wangune.
1. Dhingkluk :
Sabar, sareh, wicaksana, waspada.
2. Lancap :
Kendel, brangasan, siyaga, lan waspada.
3. Mrongos, mendelik :
Galak, brangasan, gampang nesu, ugal-ugalan.
2. Wewatake wayang miturut jinise.
1. Satriya :
Alus, luhur, sabar, luruh, dhemen tetulung, siyaga, wicaksana.
2. Buta :
Kasar, gumedhe, brangasan, ugal-ugalan, gampang nesu.
3. Kethek :
Pencilakan, usil, seneng ngrusuhi.
3. Wewatake wayang miturut sunggingane.
1. Putih, Kuning, Ireng :
Tandhane becik, suci.
2. Abang :
Tandhane kendel, brangasan.
3. Biru :
Tandhane jireh.
Katrangan :
Wangune lan sunggingane wayang bisa beda-beda "wandane" miturut kahanan lan lakon wayang kang lagi dicritakake.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar