Watake Bocah Utawa Wong (Watak dari Anak atau Orang).
1. Adigang :
Ngendel-endelake kakuwatane.
2. Adigung :
Ngendel-endelake kaluhurane.
3. Adiguna :
Ngendel-endelake kapinterane.
4. Ambekdarma :
Seneng tetulung, welasan.
5. Ambekpati :
Ora wedi pati.
6. Ambeksiya :
Seneng nganiaya.
7. Ambeksura :
Kendel banget.
8. Ambekwani :
Kendel banget.
9. Alim :
Pinter tur anteng.
10. Amem :
Meneng ora akeh gunem.
11. Andhap asor :
Ora gumedhe, ora umuk.
12. Bandel :
Ora cingeng, ora gembeng.
13. Bares :
Ora duwe niyat ala utawa goroh.
14. Bencirih :
Gampang kena ing lelara.
15. Berbudi :
Seneng weweh, loma.
16. Blater :
Pinter sesrawungan.
17. Mblubud :
Nekad ora duwe isin.
18. Brangasan :
Gampang nepsu.
19. Mbrekunung :
Nggugu karepe dhewe.
20. Candhala :
Ala kelakuane.
21. Cethil :
Emoh weweh.
22. Climut :
Dhemen nyenyolong.
23. Clingus :
Isinan, ora kendel sesrawungan.
24. Cluthak :
Seneng mangan apa-apa.
25. Cubluk :
Bodho.
26. Cugetan :
Mutungan, ora sabar.
27. Culika :
Dhemen ngapusi.
28. Ndableg :
Ora ngrewes ing pitutur.
29. Dahwen :
Seneng nacad.
30. Daksiya :
Seneng mara tangan.
31. Delap :
Seneng nganiaya.
32. Drengki :
Meri marang kabegjane liyan.
33. Ndhendheng :
Ora gampang dituturi.
34. Ndhugal :
Kurang ajar.
35. Gathekan :
Gampang ngerti, lantip.
36. Geleman :
Manutan, gampang gelem.
37. Gembeng :
Gampang nangis.
38. Gemi :
Pinter ngirit nganggone.
39. Getapan :
Gampang kaget.
40. Nggragas :
Seneng memangan sing kurang patut.
41. Jail :
Seneng gawe piala.
42. Jirih :
Ora kendel, weden.
43. Julig :
Pinter nindakake bab ala.
44. Kemproh :
Ora resikan.
45. Kendel :
Duwe kewanen.
46. Kesed :
Ora doyan gawe.
47. Kethul :
Ora gampang ngerti.
48. Loma :
Seneng weweh.
49. Lonjo :
Guneme sawiyah-wiyah.
50. Lugu :
Kaya apa anane.
51. Melikan :
Gampang tuwuh rasa kepengin nduweni.
52. Mentalan :
Ora duwe rasa welas.
53. Meren :
Gampang meri.
54. Mopo :
Ora gelem nglakoni.
55. Murka :
Kumudu-kudu tampa akeh dhewe.
56. Muthakil :
Sugih akal kanggo untunge dhewe.
57. Ngebreh :
Mbuwang dhuwit, boros.
58. Panasten :
Seneng manasil liyan marga meri.
59. Parawadulan :
Seneng wadul.
60. Prasaja :
Bares.
61. Sabar :
Ora gampang nesu, sareh anggone tandang.
62. Saen :
Ora isinan.
63. Satiti :
Sarwa ngati-ati.
64. Slingkung :
Ora beres.
65. Srakah :
Kumudu-kudu oleh akeh.
66. Srei :
Kumudu-kudu njaluk menang.
67. Sumanak :
Rumaket ing pamitran.
68. Sumelangan :
Gampang sumelang.
69. Sumungah :
Seneng umuk.
70. Taberi :
Sregep sarta tlaten.
71. Takad :
Kuwat nahan lara.
72. Tambeng :
Manut karepe dhewe.
73. Tegelan :
Ora duwe rasa rikuh.
74. Temen :
Ora dhemen goroh.
75. Tumbak cucukan :
Seneng wadul.
76. Ugal-ugalan :
Kurang ajar.
77. Ugungan :
Dituruti sapanjaluke.
78. Umpakan :
Seneng dialem.
79. Wangkot :
Ora nurutan.
80. Wasis :
Pinter.
81. Wekel :
Sregep sarta tumemen.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK
Tidak ada komentar:
Posting Komentar