Senin, 27 Agustus 2018

Tembung Tumrap Gamelan

1. Bawa :
Tembang kanggo mbukani gendhing.

2. Buka :
Wiwitane nembang.

3. Buka celuk :
Bukaning gendhing mung njupuk saperangane tembang.

4. Cakepan :
Unen-unen utawa tetembungan ing dienggo ing tembang.

5. Cengkok :
Eluk-eluking swara ing lelagon tembang.

6. Gendhing :
Lelagoning gamelan.

7. Gerongan :
Tetembangan bareng karo gamelan.

8. Laras :
Runtuting (cocoking) swara sing bener.

9. Niyaga :
Tukang nabuh gamelan.

10. Pathet :
Endhek dhuwuring swara ing gamelan.

11. Pelog :
Larasing gamelan.

12. Plangkan :
Jagrag sanggan kendhang.

13. Pluntur :
Tali kanggo nyangga rericikaning gamelan.

14. Rancakan :
Jagrag sanggan bonang, kethuk, kenong.

15. Sarancak :
Saprangkat (tumrap gamelan).

16. Senggakan :
Unen-unen mawa lagu ing tengahing tembang.

17. Sindhen :
Wong kang gaweane nembang mbarengi gamelan.

18. Slendro :
Larasing gamelan.

19. Suluk pathetan :
Kidungan pratandha arep ganti pathet.

20. Suwuk :
Leren, sirep (tumrap gamelan).

21. Waranggana :
Sindhen, pasindhen.

22. Wilet :
Sambunging swara sing sarwa laras.

23. Wirama :
Ukuran kendho kencenging nabuh gamelan.




Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar