1. Ada-ada :
Kidungane dhalang arep nyritakake wayang.
2. Antawacana :
Lagu cengkoke swara siji-sijing wayang.
3. Bala Tengen :
Bangsa prajurit kang disandhing ing kelir sisih tengen.
4. Bala Kiwa :
Bangsa prajurit kang disandhing ing kelir sisih kiwa.
5. Blencong :
Diyan kanggo madhangi wayang.
6. Bodholan :
Padha mangkate wadyabala.
7. Cempala :
Kayu penthol kanggo ngepraki wayang.
8. Gara-gara :
Metune semar, Gareng, Petruk.
9. Jejer :
Lagi madeg padha rembugan.
10. Kecrek, Kepyak :
Prabot (wesi) sing ngetokake swara crek-crek.
11. Kelir :
Lawon putih kanggo nampani wayanganing wayang.
12. Perang Brubuh :
Perang amuk-amukan akeh pepati.
13. Perang Gagal :
Perang wadyabala durung ana pepati.
14. Perang Kembang :
Perange Buta karo Satrya.
15. Sabetan :
Patrape Dhalang nglakokake wayang.
16. Sulukan :
Ada-ada.
17. Talu :
Uyon-uyon ngarepake wiwit jejer.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar