Sabtu, 18 Agustus 2018

Tembung Garba

Tembung Garba
Iku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji ngasilake Tembung Garba.

1. Aglis = age + gelis
2. Aneng = ana + ing
3. Araneki = arane + iki
4. Dadyawuh = dadi + ewuh
5. Dhemenyar = dhemen + anyar
6. Dupyarsa = dupi + arsa
7. Jalwestri = jalu + estri
8. Kadya = kadi + kaya
9. Kajwareng = kajuwara + ing
10. Kalokeng = kaloka + ing
11. Kapyarsa = kapireng + arsa
12. Kalyan = kalih + lan
13. Lagyantuk = lagi + antuk
14. Lagyaning = lagi + ning
15. Lebdheng = lebdha + ing
16. Lumakweng = lumaku + ing
17. Lumebeng = lumebu + ing
18. Maharja = maha + raja
19. Maharsi = maha + arsi
20. Mahmeru = maha + meru
21. Malebeng = malebu + ing
22. Mungging = mungguh + ing
23. Murbeng = murba + ing
24. Murweng = murwa + ing
25. Narendra = nara + indra
26. Narpati = nara + dipati
27. Narpendah = narpa + endah
28. Nateng = nata + ing
29. Nujwari = nuju + ari
30. Prapteng = prapta + ing
31. Prawireng = prawiro + ing
32. Prawirotama = prawiro + utama
33. Priyagung = priya + agung
34. Priyangga = priya + angga
35. Ratwagung = ratu + agung
36. Ratwelok = ratu + elok
37. Sarotama = saru + utama
38. Sedyarsa = sedya + arsa
39. Sinom = isih + enom
40. Sireku = sira + iku
41. Sitinggil = siti + inggil
42. Sugyarta = sugih + arta
43. Sumbangsih = sumbang + asih
44. Surendra = sura + indra
45. Sureng = sura + ing
46. Sutendra = suta + indra
47. Taksyalit = taksih + alit
48. Tankocap = tanpa + ucap
49. Tumengeng = tumenga + ing
50. Tumekeng = tumeka + ing
51. Tumujweng = tumuju + ing
52. Wirotama = wiro + utama
53. Yeku = ya + iku


Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK

Tidak ada komentar:

Posting Komentar