Tembang-Tembang (Lagu-lagu).
PUCUNG
1. Bapak Pucung -
Cangkeme madhep mandhuwur
Sabamu ing sendhang
Pencoanmu lambung kereng
Prapteng wisma -
Si pucung mutah guwaya
(klenthing).
2. Bapak Pucung -
Amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil blaka -
Si pucung dadi dahana
(penthol korek).
3. Bapak Pucung -
Renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba -
Si pucung mung turut kutha
(sepur).
SINOM
Sun iki dhutaning nata
Prabu kenya Majapahit
Kekasih Damar Sasangka
Atma mantune ki patih
Magang anyar awak mami
Lahta bisma praptaningsun
Ingutus Sang Narpendah
Kinen mocok murdantanji
Marmaningsun ingutus
Ywa mindho karya.
DHANDHANG GULA
Wardining kang sasmita jinawi
Wruhing kukum iku watekira
Adoh marang kanisthane
Pamicara punika
Weh reseping sagung miyarsi
Tata krama punika
Ngedohaken panyendhu
Kagunan iku kinarya
Ngupa boga, dene kelakuan becik
Weh rahayuning angga.
PANGKUR
Mingkar-mingukuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumprap neng tanah Jawa
Agama ageming aji.
(Wedhatama, KGPPA Mangkunagara IV).
KINANTHI
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kang iga-iga kaeksi.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar