Tembang-Tembang Dolanan (Lagu-lagu Dolanan/Anak-anak).
A. GAJAH-GAJAH.
Pelog Pathet Barang.
Gajah-gajah kowe tak kandhani
Mata kaya laron siyung loro kuping gedhe
Kathik nganggo tlale buntut cilik
Tansah kopat kapit sikil kaya bumbung mung
Lakumu megal-megol lakumu megal-megol.
B. ILIR-ILIR.
Ilir-ilir tandure wis sumilir
Bocah angon penekna blimbing kuwi
Dodot ira kumitir bedhahing pinggir
Tak ijo royo-royo tak sengkuh penganten anyar
Lunyu-lunyu peneken kanggo masuh dodot ira
Dom mana jlumat ana kanggo sebo mengko sore
Pumpung gedhe pumpung gedhe rembulane pumpung jembar kalangane suraka surak iya.
C. GAMBANG SULING.
Pelog pathet 6.
Gambang suling kumandhang swarane
Thulat-thulit kepenak unine
Mung nrenyuhake bareng lan kentrung
Ketipung suling sigrak gambangane.
D. MENTHOG-MENTHOG.
Pelog pathet 6.
Menthog-menthog tak kandhani
Mung rupamu angisin-isini
Mbok ya aja ngetokana kandhang bae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthog-menthog mung lakumu megal-megol gawe guyu.
E. AKU DUWE PITIK.
Slendro pathet 9.
Aku duwe pitik-pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petog gogog petog-petog ngendhog pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondhol-dhol ora duwe wulu
Kabeh trondhol-dhol gawe guyu.
F. SINOM.
4/4 Sedang.
Amenangi jaman edan ewuh aja ing pambudi
Melu edan ora tahan jen tan melu anglakoni boya kaduman
Melik kaliren wekasanipun dilalah karsa Allah
Begja-begjane kang lali luwih begja kengeling lan wapada.
G. SUWE ORA JAMU.
Do : D
4/4 Moderato (Jawa Tengah).
Suwe ora jamu jamu godong tela
Suwe ra ketemu ketemu pisan gawe gela.
H. GUNDUL PACUL.
Do : D
4/4 Moderato (Jawa Tengah).
Gundul-gundul pacul-cul gelelengan
Nyunggi-nyunggi wakul-kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar