Minggu, 26 Agustus 2018

Paribasan - Bebasan - Sanepan - Saloka

- Paribasan iku ukara/unen-unen sing tegese wantah dudu pepindhan.
- Bebasan iku tetembungan sing ngemu teges pepindhan.
- Sanepa iku unen-unen sing ngemu tegese kosok balen.

A.
1. Adhang-adhang tetese embun :
- Njagakake barang mung sak oleh-olehe.

2. Adigang, adigung, adiguna :
- Ngendelake kakuwatane, kaluhurane lan kapinterane.

3. Aji godhong garing :
- Wis ora ana ajine / asor banget.

4. Ana catur mungkur :
- Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.

5. Ana daulate ora ana begjane ~ (untup-untup) :
- Arep nemu kabegjan, ning ora sida.

6. Ana gula ana semut :
- Panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.

7. Anak polah bapa kepradah ~ (nanggung jawab) :
- Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa.

8. Anggenthong umos ~ (rembes / bocor) :
- Wong kang ora bisa nyimpen wewadi.

9. Angon mangsa :
- Golek wektu kang prayogo kanggo tumindak.

10. Angon ulat ngumbar tangan ~ (pandeleng) :
- Ngulatake kaanan yen limpe banjur dicolong.

11. Arep jamure emoh watange ~ (gothek) :
- Gelem kepenake ora gelem rekasane.

12. Asu rebutan balung :
- Rebutan barang kang sepele.

13. Asu belang kalung wang :
- Wong asor nanging sugih.

14. Asu gedhe menang kerahe ~ (tukaran) :
- Wong kang dhuwur pangkate, mesthi bae luwih gedhe panguwasane.

15. Asu marani gepuk :
- Njarang marani bebaya.

16. Ati bengkong oleh oncong ~ (obor-konco) :
- Wong duwe niyat ala oleh dalan.

B.
1. Baladewa ilang gapite ~ (jepit wayang) :
- Ilang kakuwatane/kaluhurane.

2. Banyu pinerang ora bakal pedhot ~ (disigar) :
- Pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane.

3. Bathang lelaku :
- Lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani.

4. Bathok bolu isi madu ~ (bolong telu) :
- Wong asor nanging sugih kapinteran.

5. Blaba wuda ~ (loman) :
- Saking lomane nganti awake dhewe ora keduman.

6. Bebek mungsuh mliwis :
- Wong pinter mungsuh padha wong pinter.

7. Becik ketitik ala ketara :
- Becik lan ala bakal katera ing tembe mburine.

8. Belo melu seton ~ (malam minggu) :
- Manut grubyuk ora ngerti karepe.

9. Beras wutah arang bali menyang takere :
- Bawang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.

10. (m) Bidhung api rowang ~ (ngrusuhi) :
- Ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi.

11. Blilu tau pinter durung nglakoni ~ (bodho) :
- Wong bodho nanging sering nglakoni, luwih pinter karo wong pinter nanging durung tau nglakoni.

12. Bubuk oleh leng ~ (kewan mangan kayu) :
- Wong duwe niyat ala oleh dalan.

13. Bung pring petong :
- Bocah kang longgor (gelis gedhe).

14. Buntel kadut, ora kinang ora udut :
- Wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udut/rokok.

15. (m) Buru uceng kelangan dheleg ~ (slili-kutuk) :
- Mburu barang sepele malah kela gedhe.

16. Busuk ketekuk, pinter keblinger ~ (bodho) :
- Sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka.

C.
1. Carang canthel ~ (pang pring) :
- Ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug.

2. Car-cor kaya kurang janganan :
- Ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik.

3. Cathok gawel ~ (timangan sabuk) :
- Seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman.

4. Cebol nggayuh lintang :
- Kekarepan kang mokal bakal kelakon.

5. Cecak nguntal cagak :
- Gegayuhan kang ora imbang kekuwatane.

6. Cedhak celeng boloten ~ (gupak endhut) :
- Cedhak karo wong ala bakal katut ala.

7. Cedhak kebo gupak :
- Cedhak karo wong ala bakal katut ala.

8. Ciri wanci lelai ginawa mati :
- Pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati.

9. Cincing-cincing meksa klebus ~ (teles) :
- Karepe ngirid nanging malah entek akeh.

10. Criwis cawis ~ (sediya) :
- Seneng maido nanging yo seneng menehi/muruki.

11. Cuplak andheng-andheng, yen ora pernah panggonane bakal disingkirake :
- Wong kang njalari ala becike disingkirake.

D.
1. Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiya suket emoh nyenggut :
- Wis ora gelem nyanak/sapa aruh.

2. Dahwen ati open ~ (seneng nyacad) :
- Nacad nanging mbenerake wong liya.

3. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang ~ (gagak) :
- Ala diunekake becik, becik diunekake ala.

4. Desa mawa cara, negara mawa tata :
- Saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe.

5. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan :
- Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi.

6. Digarokake dilukoke :
- Dikongkon nyambut gawe abot.

7. Didhadunga medhot, dipalangana mlumpat ~ (ditaleni) :
- Wong kang kenceng karepe, ora kena dipenggak maneh.

8. Diwenehi ati ngrogoh rempela :
- Wis diwenehi sethithik, malah njaluk kang akeh.

9. Dom sumuruping banyu :
- Laku sesidheman kanggo meruhi wewadi.

10. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan :
- Senajan wong liya nek nemoni rekasa bakal dibelani.

11. Duka yayah sanipi, jaja bang mawinga-winga ~ (nesu) :
- Wong kang nesu banget.

12. Dudutan lan anculan ~ (tali - memeden sawah) :
- Padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti.

13. Durung ilang pupak lempuyange :
- Wong kang dianggep bocah cilik durung ngerti apa-apa.

14. Durung pecus keselak besus ~ (bisa) :
- Durung sembada nanging kepingin sing ora-ora.

E.
1. Eman-eman ora keduman :
- Karepe eman malah awake dhewe ora keduman.

2. Emban cindhe emban siladan ~ (slendang - iratan pring) :
- Pilih kasih ora adil.

3. Embat-embat celarat ~ (klarap) :
- Wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.

4. Emprit abuntut bedhug :
- Perkara sing maune sepele dadi gedhe.

5. Endhas gundul dikepeti :
- Wis kepenak ditambahi kepenak maneh.

6. Endhas pethak ketiban empyak ~ (buthak sethithik) :
- Wong kang bola-bali nemu cilaka.

7. Enggon welut didoli udhet :
- Panggone wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa.

8. Entek ngamek kurang golek ~ (njupuk) :
- Olehe nguneni/nyeneni sakatoge.

9. Entek jarake :
- Wis entek kasugihane.

10. Esuk dhele sore tempe :
- Wong kang ora tetep atine (mencla-mencle).

G.
1. Gagak nganggo lare merak :
- Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur (gedhe).

2. Gajah alingan suket teki ~ (amping-amping) :
- Lair lan batine ora padha, mesti bakal ketara.

3. (ng) Gajah elar :
- Sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane.

4. Gajah ngidak rapah ~ (godhong garing) :
- Nrajang wewalere dhewe.

5. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah :
- Wong gedhe kang padha pasulayan, wong cilik sing dadi korban.

6. Garang garing ~ (katon gagah) :
- Wong semugih nanging sejatine kekurangan.

7. Gawe luwangan nggo ngurungi luwangan :
- Golek utangan kanggo nyaur utang sing dhisik.

8. Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput ~ (rugi) :
- Samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.

9. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh :
- Senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane.

10. Golek banyu bening :
- Meguru golek kawruh sing becik.

11. Golek-golek ketemu wong luru-luru :
- Karepe arep golek utangan malah diutangi (dijaluki utang).

12. Gupak pulute ora mangan nangkane :
- Melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.

I.
1. Idu didilat maneh :
- Murungake janji sing wis diucapake.

2. Iwak lumebu wuwu ~ (piranti golek iwak) :
- Wong kena apus kanthi gampang.

J.
1. (n) Jagakake endhoge si blorok :
- Njagakake barang kang durung mesti ana lan orane.

2. (n) Jajah desa milang kori ~ (ngetung) :
- Lelungan menyang endi-endi.

3. Jalma angkara mati murka ~ (manungsa) :
- Nemoni cilaka jalaran angkara murkane.

4. (n) Jalukan ora wewehan :
- Seneng njaluk ora gelem menehi.

5. Jati ketlusupan ruyung ~ (wit kolang-kaling) :
- Kumpulane wong becik klebon wong ala.

6. Jaran kerubuhan empyak :
- Wong wis kanji (kapok) banget.

7. Jarit lawas ing sampiran ~ (suwe) :
- Duwe kapinteran nanging ora digunakake.

8. Jer basuki mawa bea ~ (wragat) :
- Samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.

9. (n) Jujul muwul ~ (nyusuki) :
- Prakara kang nambah-nambahi rekasa.

10. (n) Junjung ngentebake ~ (ngebrukake) :
- Ngalembana nanging duwe niyat ngasorake.

K.
1. Kacang ora ninggal lanjaran :
- Kabiyasakane anak niru wong tuwane.

2. Kadang konang ~ (kewan sing kelip-kelip) :
- Gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih.

3. Kalah cacak menang cacak ~ (dicoba) :
- Samubarang penggaweyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane.

4. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega :
- Wong sing ora duwe papan panggonan.

5. Katepang ngrangsang gunung ~ (bangsane krokot) :
- Kagedhen karep/panjangka mokal bisa kelakon.

6. Katon kaya cempaka sawakul ~ (emas) :
- Tansah disenengi wong akeh.

7. Kaya banyu karo lenga :
- Wong kang ora bisa rukun.

8. Kakehan gludhug kurang udan :
- Akeh omonge ora ana nyatane.

9. Kebanjiran segara madu :
- Nemu kabegjan kang gedhe banget.

10. Kebat kliwat, gancang pincang ~ (rikat - gelis) :
- Tumindak kesusu mesthi ora kebeneran.

11. Kebo bule mati setra ~ (tegalan/papan panggonan) :
- Wong pinter ning ora ana sing merlokake.

12. Kebo ilang tombok kandhang ~ (nambahi) :
- Wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu pisan.

13. Kebo kabotan sungu :
- Rekasa merga kakehan anak.

14. Kebo lumumpat ing palang :
- Ngadili prakara ora nganggo waton.

15. Kebo mulih menyang kandhange :
- Wong lunga adoh bali menyang omahe maneh.

16. Kebo nusu gudel :
- Wong tuwa jaluk wuruk wong enom.

17. Kegedhen empyak kurang cagak ~ (payon) :
- Kegedhen kakerepan nanging kurang sembada.

18. Kajugrugan gunung menyan ~ (krubuhan) :
- Oleh kabegjan kang gedhe banget.

19. Kekudhung walulang macan ~ (kulite) :
- Ngapusi nggawe jenenge wong kang diwedeni.

20. Kelacak kepathak ~ (konangan) :
- Ora bisa mungkir, jalaran wis kabukten.

21. Kena iwake aja nganti butheg banyune :
- Sing dikarepake biso kelakon ning aja nganti gawe rusak/rame.

22. Kencana katon wingka ~ (emas - pecahan gendheng) :
- Senajan apik nanging ora disenengi.

23. Kendel ngringkel, dhadhag ora godak ~ (wani) :
- Ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho.

24. Kenes ora ethes ~ (pinter ngomong) :
- Wong sugih umuk nanging bodho.

25. Keplok ora tombok :
- Wong senengane maido thok, ora gelem melok cawe-cawe.

26. Kere munggah bale ~ (paturon) :
- Batur dipek bojo karo bendarane.

27. Kere nemoni malem :
- Wong kang bedhigasan/serakah.

28. Kerot ora duwe untu :
- Duwe kekarepan ning ora duwe bandha/wragat.

29. Kerubuhan gunung :
- Wong nemoni kesusahan sing gedhe banget.

30. Kesandhung ing rata, kabentus ing tawang ~ (kebenthuk) :
- Oleh cilaka sing ora dinyana-nyana.

31. Ketula-tula ketali ~ (kesrimpet) :
- Wong kang tansah nandhang sengsara.

32. Kethek saranggon ~ (gubuk ing dhuwur) :
- Kumpulane wong kang tindak ala.

33. Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang :
- Wong sing ora duwe panggonan utawa omah sing tetep.

34. Klenthing wadhah masin :
- Angel ninggalake pakulinan tumindak ala.

35. Kongsi jambul wanen ~ (nganti) :
- Nganti tumekan tuwa banget.

36. Krokot ing galeng :
- Wong kang mlarat banget.

37. Kriwikan dadi grojogan :
- Prakara kang maune cilik dadi gedhe.

38. Kumenthus ora pecus ~ (bisa) :
- Seneng umuk nanging ora sembada.

39. Kurung munggah lumbung ~ (wadhah pari) :
- Wong asor/cilik didadekake wong gedhe.

40. Kuthuk nggendhong kemiri :
- Manganggo kang sarwa apik/aji liwat dalan kang mbebayani.

41. Kuthuk marani sunduk-ula marani gepuk :
- Njarag marani bebaya.

42. Kuncung nganti temekan gelung :
- Suwe banget anggone ngenteni.

L.
1. Ladak kecangklak ~ (kacilakan) :
- Wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe.

2. Lahang karoban manis ~ (legen) :
- Rupane bagus/ayu tur luhur bebudene.

3. Lambe satumang kari semerang ~ (lambene pawon) :
- Dituturi bola-balo meksa ora digugu.

4. Lanang kemangi :
- Wong lanang kang jireh.

5. Legan golek momonga ~ (ijen) :
- Wis kepenak malah golek rekasa.

6. Lumpuh ngideri jagad ~ (ngubungi) :
- Duwe kekarepan kang mokal keturutan.

M.
1. Maju tatu mundur ajur :
- Prakara kang sarwa pakewuh.

2. Matang tuna numbak luput ~ (nyogrok) :
- Tansah luput kabeh panggayuhane.

3. Mbuang tilas :
- Ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala sing lagi dilakoni.

4. Meneng widara uleran ~ (jenenge wit) :
- Katone anteng nanging sejatine ala atine.

5. Menthung koja kena sembagine ~ (saudagar - kain klambi) :
- Rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus.

6. Merangi tatal ~ (mbacoki) :
- Mentahi rembug kang wis mateng.

7. Mikul dhuwur mendhem jero :
- Bisa njunjung drajate wong tuwa.

8. Milih-milih tebu oleh boleng :
- Kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik.

9. Mrojol selaning garu :
- Wong kang luput saka bebaya.

10. Mubra-mubru mblabar madu ~ (sarwa kecukupan) :
- Wong sing sarwa kecukupan.

N.
1. Nabok nyilih tangan :
- Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya.

2. Ngagar metu kawul ~ (gawe geni) :
- Ngojok-ngojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan.

3. Ngajari bebek nglangi :
- Penggaweyan sing ora ana paedahe.

4. Ngalasake negara :
- Wong sing ora manut pranatane negara.

5. Ngalem legining gula :
- Ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter/sugih.

6. Ngatutake kidang lumayu :
- Ngaturake barang kang wis ora ana.

7. Nglungguhi klasa gumelar ~ (dibeber) :
- Nindakake panggaweyan kang wis tumata.

8. Ngontragake gunung :
- Wong cilik asor bisa ngalahake wong luhur/gedhe, nganti gawe kagete wong akeh.

9. Nguthik-uthik macan dhedhe :
- Njarag wong kang wis lilih nepsune.

10. Nguyahi segara :
- Weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase.

11. Nucuk ngiberake :
- Wis disuguhi mangan mulih isih mbrekat.

12. Nututi layangan pedhot ~ (mlayoni) :
- Nggoleki barang sepele sing wis ilang.

13. Nyolong pethek ~ (bedhek) :
- Tansah mleset saka pametheke/pambatange.

O.
1. Obah ngarep kobet mburi :
- Tumindake panggedhe dadi contone/panutane kawula alit.

2. Opor bebek, mentas awake dhewek :
- Rampung saka rakadayane dhewe.

3. Ora ana banyu mili menduwur :
- Watake anak biasane niru wong tuwane.

4. Ora ana kukus tanpa geni :
- Ora ana akibat tanpa sebab.

5. Ora gonjo ora unus ~ (dasarane keris) :
- Wong kang ala rupane uga atine.

6. Ora mambu enthong irus :
- Dudu sanak dudu kadang.

7. Ora tembung ora tawung ~ (aruh-aruh) :
- Njupuk barange liyan tanpa kandha dhisik.

8. Ora uwur ora sembur :
- Ora gelem cawe-cawe babar pisan.

9. Ora kinang ora udut ~ (ngrokok) :
- Ora mangan apa-apa.

10. Othak-athik didudut angel :
- Guneme sajak kepenak, bareng ditemeni jebule angel.

P.
1. Palang mangan tandur ~ (pager) :
- Diwenehi kapercayan nanging malah gawe kapitunan.

2. Pandengan karo srengenge :
- Memungsuhan karo panguwasa.

3. Pandhitane antake :
- Laire katone suci batine ala.

4. Pecruk tunggu bara ~ (manuk sing mangan iwak) :
- Dipasrahi barang kang dadi kesenengane.

5. Pituk trondhol diumbar ing padaringan ~ (wadhah beras) :
- Wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-enteki.

6. Pupur sadurunge benjut :
- Ngati-ati mumpung durung cilaka.

R.
1. Rampek-rampek kethek :
- Nyedhak-nyedhak mung arep gawe kapitunan.

2. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung :
- Samubarang kang ngalang-alangi bakal disingkirake.

3. Rebut balung tanpa isi :
- Pasulayan merga barang kang sepele.

4. Rindik asu digitik ~ (alon) :
- Dikongkon nindakake penggaweyan kang cocok karo kekarepane.

5. Rupa nggendhong rega :
- Marga barange apik mula regane ya larang.

6. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah ~ (padudon) :
- Yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah mesti bakal bubrah/rusak.

S.
1. Sabar sareh mesti bakal pikoleh :
- Tumindak samubarang aja kesusu.

2. Sabaya pati, sabaya mukti :
- Kerukunan kang nganti tekan pati.

3. Sadumuk bathuk, sanyari bumi :
- Pasulayan nganti dilabuhi tekan pati.

4. Sandhing kebo gupak :
- Cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala.

5. Satru mungging cangklakan ~ (mungsuh) :
- Mungsuh wong kang isih sanak sadulur.

6. Sadhakep awe-awe :
- Wis ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepingin nglakoni maneh.

7. Sembur-sembur adus, siram-siram bayem :
- Bisa kaleksanan marga oleh pandongane wong akeh.

8. Sepi ing pamprih, rame ing gawe ~ (kepinginan) :
- Nindakake panggaweyan kanthi ora duwe kamelikan apa-apa.

9. Sing sapa salah bakal seleh :
- Sapa sing salah bakal konangan.

10. Sluman slumun slamet :
- Senajan kurang ngati-ati, nanging isih diparingi slamet.

11. Sumur lumaku tinimba :
- Gong lumaku tinabuh - Wong kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakoni.

T.
1. Tebu tuwuh socane :
- Prakara kang wis apik, bubrah marga ana sing ngrusuhi.

2. Tega larane ora tega patine ~ (mentolo) :
- Senajan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan.

3. Tekek mati ing ulone :
- Nemoni cilaka marga saka guneme dhewe.

4. Tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul sunambiwara ~ (lamat-lamat) :
- Kabar kang durung mesthi salah lan benere.

5. Timun jinara :
- Prakara gampang banget.

6. Timun mungsuh duren :
- Wong cilik mungsuh panguwasa, mesthi kalahe.

7. Timun wungkuk jaga imbuh :
- Wong bodho kanggone mung yen kekurangan bae.

8. Tinggal glanggang colong playu ~ (panggonan) :
- Ninggalake papan pasulayan.

9. Tulung menthung :
- Katone nulungi, jebule malah ngrusuhi.

10. Tumbak cucukan :
- Wong sing seneng adu-adu.

11. Tuna sathak bathi sanak ~ (dhuwit sithik) :
- Rugi bandha, nanging bathi pasaduluran.

12. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati ~ (thukul subur) :
- Prakara ala ngambra-ambra, prakara becik kari sathithik.

U.
1. Ucul saka kudangan ~ (uwal) :
- Luput karo gegayuhane.

2. Ulat madhep ati manteb ~ (pendeleng) :
- Wis manteb banget kekarepane.

3. Undaking pawarta, sudaning kiriman :
- Biasane pawarta iku beda karo kanyatakane.

4. Ungak-ungak pager arang :
- Ngisin-isini.

W.
1. Welas tanpa lalis ~ (mati) :
- Karepe welas nanging malah gawe kapitunan.

2. Wis kebak sundukane :
- Wis akeh banget kaluputane.

3. Wiwit kuncung nganti gelung :
- Wiwit cilik nganti gedhe/tuwa.

Y.
1. Yitna yuwana mati lena ~ (ngati-ati) :
- Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka.

2. Yiyidan mungging rampadan ~ (cawisan panganan) :
- Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong sing alim.

3. Yoga anyangga yogi ~ (anak - pandhita) :
- Murid nirokake piwulange guru.

4. Yuwana mati lena ~ (ora ngati-ati) :
- Wong becik oleh cilaka, marga kurang ngati-ati.

5. Yuyu rumpung mbarong ronge :
- Omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat.





Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar