Tembung
1. Tembung Lingga (Kata Dasar)
- 1 wanda
- 2 wanda
- 3 wanda
2. Tembung Andhahan (Kata Jadian)
- lingga + ater-ater
- lingga + seselan
- lingga + panambang
- dwipurwa
- dwilingga
- dwiwasana
Katrangan :
Tembung bisa diudhal manut wandane lan kudu adhedhasar tembung linggane (menawa tembung andhahan).
Tuladha :
- dolan : do-lan
- dolanan : do-lan-an
- maju : ma-ju
- kemajon : ke-ma-ju-an
Jinise tembung Jawa ana 2 :
1. Tembung Lingga.
Iku tembung sing durung owah saka asale.
Tuladha :
1. Lap, ban, gas, tas, lsp.
(1 wanda; tembung wod)
2. Maca, buku, guru, lsp.
(2 wanda)
3. Samodra, segara, gamelan, lsp.
(3 wanda)
2. Tembung Andhahan (Kata Jadian).
Yaiku tembung sing wis owah saka asale.
Tuladha :
- tulisane
- piwulang
- mlayu
- mlaku
- numpak
- balekna
- omahe
- makani
- kotuku
- nyaponi
- ngresiki
- golekna
Tembung Andhahan :
- Tembung lingga oleh : ater-ater
( : awalan)
- Tembung lingga oleh : panambang ( : akhiran)
- Tembung lingga oleh : seselan
( : sisipan)
- Tembung rangkep : (kata ulang)
- Tembung camboran : (kata majemuk)
A. Ater-ater
1. Ater-ater : a (ma)
- a + kudung : akudhung
- a + tulis : anulis
- a + karya : akarya --> makarya
2. Ater-ater : ka
- ka + gawa : kagawa
- ka + tuku : kotuku
- ka + tabrak : katabrak
3. Ater-ater : dak, ko, di
- dak + suwek : daksuwek
- ko + suwek : kosuwek
- di + suwek : disuwek
- dak + pangan : dakpangan
- ko + pangan : kopangan
- di + pangan : dipangan
4. Ater-ater : n, ny, ng, m
- n + tandur : nandur
- ny + sapu : nyapu
- ng + ombe : ngombe
- m + pundhut : mundhut
5. Ater-ater : sa, pa, pi, pra, pari, tar
- sa + wengi : sawengi
- pa + mudha : pamudha
- pi + tutur : pitutur
- pari + wara : pariwara
- tar + kadhang : tarkadhang
6. Ater-ater : kuma, kami, kapi
- kuma + lancang : kumalancang
- kami + gila (n) : kamigilan
- kapi + tuna (n) : kapitunan
B. Panambang
1. Panambang : ku, mu, e
- buku + ku : bukuku
- buku + mu : bukumu
- buku + e : bukune
- radhio + e : radhione (dudu radhioe)
- sega + e : segane (dudu segae)
2. Panambang : an
- pangan + an : panganan
- turu + an : turon (dudu turuan)
- lali + an : lalen (dudu lalian)
- paro + an : paron (dudu paroan)
- gawa + an : gawan (dudu gawaan)
3. Panambang : I
- suwek + i : suweki
- ombe + i : ombeni (dudu ombei)
- tuku + i : tukoni (dudu tukui)
- tali + i : taleni (dudu talii)
- gawa + i : gawani (dudu gawai)
4. Panambang : a, na, ana, en
- jupuk + a : jupuka
- jupuk + na : jupukna
- jupuk + ana : jupukana
- jupuk + en : jupuken
- sapu + a : (ny) sapu + a : nyapua
- sapu + na : sapokna (dudu sapuna)
- sapu + ana : saponana (dudu sapuana)
- sapu + en : sapunen (dudu sapuen)
5. Panambang + ake
- tulis + ake : tulisake
- tuku + ake : tukokake (dudu tukuake)
- tali + ake : talekake (dudu taliake)
- gawa + ake : gawakake (dudu gawaake)
- ombe + ake : ombekake (dudu ombeake)
- kanggo + ake : kanggokake (dudu kanggoake)
6. Panambang : ne, ing
- laku + ne : lakune
- bapak + ne : bapake : bapakne
- ibu + ne : ibuke : ibune
- abang + ing : abanging : abange
- jero + ing : jeroning : jerone
- jobo + ing : joboning : jobone
- wujud + ing : wujuding : wujude
C. Seselan
1. Seselan : in
- sigar + in s + in + igar : sinigar
- tugel + in t + in + ugel : tinugel
- adhug + in : ing + adhug : ingadhug
- ideg + in : ing + ideg : ingideg
- ubeng + in : ing + ubeng : ingubeng
- esok + in : ing + esok : ingesok
- ombe + in : ing + ombe : ingombe
2. Seselan : um
- teka + um t + um + eka : tumeka
- tindak + um t + um + indak : tumindak
- sebar + um s + um + ebar : sumebar
3. Seselan : l, r
- tudhung + l t + l + udhung : tludhung
- siwer + l s + l + iwer : sliwer
- centhel + r c + r + enthel : crenthel
- kelip + r k + r + elip : krelip
D. Tembung Rangkep
1. Tembung rangkep dwilingga
a. Tembung dwilingga padha swara
- mlaku-mlaku
- bapak-bapak
- kanca-kanca
- abang-abang
- kewan-kewan
- bocah-bocah
b. Tembung dwilingga salin swara
- bola-bali
- wira-wiri
- thingak-thinguk
- untag-unteg
- gonta-ganti
- mloya-mlayu
c. Tembung dwilingga semu
- andheng-andheng
- ondhe-ondhe
- athi-athi
- undur-undur
2. Tembung rangkep dwipurwa
- laku --> lelaku
- mala --> memala
- tuku --> tetuku
- guyu --> geguyu
3. Tembung rangkep dwiwasana
- busik --> besisik
- bunyik --> benyiyik
- nyuwek --> nyuwewek
- cuwo --> cuwowo
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK
Tidak ada komentar:
Posting Komentar