Jenenge Tali (Nama Tali).
1. Amben : tali img weteng jaran.
2. Apus bunthut, apus gulu : tali prabote abah-abah jaran.
3. Dhadhung : tali kanggo nancang sapi.
4. Dhandhan : tali kanggo nggeret glondhongan.
5. Elis : tali kendhali.
6. Goci : tali layangan.
7. Godhi : tali gombal.
8. Jala-jala : tali mbendeng kelir.
9. Janget, ulap-ulap : tali mblebet pethel.
10. Jejet : taline plipitan.
11. Karset : taline arloji.
12. Keluh : tali ing irung sapi.
13. Kenur : tali pancing.
14. Klamar : tali lawang bekungkung.
15. Klathe : tali caping.
16. Koloran, usus-usus : tali kathok.
17. Pluntur : tali nggantung gong, nyangga gamelan.
18. Rante : gelangan wesi direnteng.
19. Salang : tali pikulan.
20. Sawed : tali pasangan sapi.
21. Sendheng : tali gendhewa utawa langkap.
22. Setagen, sabuk, setut : tali weteng wong.
23. Suh : tali sapu.
24. Tutus : irat-iratan pring utawa penjalin.
25. Ulur : benang ngulukake layangan.
26. Upat-upat : tali pecut.
27. Uwed : tali kanggo ngubengake gangsingan.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar