Jenenge Anak Wong.
1. Ontang-anting :
Anak 1 - lanang.
2. Unting-unting :
Anak 1 - wadon.
3. Uger-uger lawang :
Anak 2 - lanang kabeh.
4. Kembang sepasang :
Anak 2 - wadon kabeh.
5. Cukit dulit :
Anak 3 - lanang kabeh.
6. Gotong mayit :
Anak 3 - wadon kabeh.
7. Saramba :
Anak 4 - lanang kabeh.
8. Sarimpi :
Anak 4 - wadon kabeh.
9. Pandhawa :
Anak 5 - lanang kabeh.
10. Pancagati :
Anak 5 - wadon kabeh.
11. Kedhana-kedhini :
Anak 2 - lanang, wadon.
12. Kedhini-kedhana :
Anak 2 - wadon, lanang.
13. Pancuran kaapit sendhang :
Anak 3 - wadon, lanang, wadon.
14. Sendhang kaapit pancuran :
Anak 3 - lanang, wadon, lanang.
15. Keblat papat :
Anak 4 - lanang, wadon.
16. Sepasar :
Anak 5 - lanang, wadon.
17. Ipil-ipil (pipilan) :
Anak 5 - lanange siji.
18. Padangan :
Anak 5 - anak 5 wadone siji.
19. Pandhawa nyandhangi :
Anak 6 - wadone siji waruju.
20. Kembar dampit :
Anak 2 - lanang, wadon laire bareng.
21. Kembar :
Anak luwih saka 1 - lanang wadon, lanang kabeh utawa wadon kabeh sing laire bareng.
22. Grandhel :
Anak lanang pirang-pirang, sing waruju wadon (utawa suwalike).
23. Gendhong :
Anak lanang pirang-pirang, sing tengah wadon.
24. Pathok :
Anak wadon pirang-pirang, sing tengah lanang.
25. Sumarak :
Anak pirang-pirang, sing lanang luwih akeh.
26. Gilir kacang :
Anak pirang-pirang, giliran lanang-wadon.
27. Lumpat kidang :
Anak pirang-pirang, ora giliran lanang-wadon.
28. Anggana :
Anak pirang-pirang, sing urip kari siji.
29. Pembarep :
Anak sing nomor 1.
30. Panggulu :
Anak sing nomor 2.
31. Pandhadha :
Anak sing nomor 3.
32. Sumendhi :
Kakange wuragil.
33. Waruju, wuragil :
Anak sing kari dhewe.
34. Panenggak :
Anak kabehe 5 - sing nomor 2.
35. Panengah :
Anak kabehe 5 - sing nomor 3.
36. Julung japuk :
Bocah laire mbarengi surupe srengenge.
37. Julung kembang :
Bocah laire mbarengi pletheke srengenge.
38. Julung sarab/surub :
Bocah laire ngarepake surup srengenge.
39. Julung sungsang :
Bocah laire wayah bedhug awan.
40. Jempina :
Bocah sing lair durung wayahe.
41. Margana :
Bocah laire pinuju ibune ing lelungan.
42. Wahana :
Bocah laire pinuju ibune ing pasa-muwan.
43. Wuyungan :
Bocah laire pinuju ibune ana perang (geger).
44. Konduran :
Bocah lair, nanging ibune seda (mati).
45. Thok-thing :
Bocah laire sing sirahe cilik.
46. Sumala :
Bocah cacad kawit lair.
47. Sungsang :
Bicah laire sikile dhisik.
48. Kalung usus :
Bocah lair pusere nggubet gulu.
49. Yatim :
Bocah laire ora menangi bapake.
50. Lola (yatim piyatu) :
Bocah sing wis ora duwe bapak lan ibu.
51. Lola bapak/biyung :
Bocah sing wis ora duwe bapak/biyung.
Sumber : Kawruh BASA JAWA PEPAK
Tidak ada komentar:
Posting Komentar